KAJIAN KEARIFAN LOKAL PENGOBATAN TRADHISIONAL PÊTÊK KANGGE GERAH FISIK LAN NONFISIK ING DHUSUN NGEMPLAK, DESA PLOSOGEDE, KECAMATAN NGLUWAR, KABUPATEN MAGELANG

Maryatmi, Andrerini (2014) KAJIAN KEARIFAN LOKAL PENGOBATAN TRADHISIONAL PÊTÊK KANGGE GERAH FISIK LAN NONFISIK ING DHUSUN NGEMPLAK, DESA PLOSOGEDE, KECAMATAN NGLUWAR, KABUPATEN MAGELANG. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Andrerini Maryatmi 09205241038.pdf

Download (75MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken pengobatan tradhisional pêtêk ing Dhusun Ngemplak, Desa Plosogede, Kecamatan Ngluwar, Kabupaten Magelang, mliginipun mula bukanipun pengobatan tradhisional pêtêk dening dhukun pêtêk, lampahing pengobatan tradhisional pêtêk kangge gerah fisik lan nonfisik, pirantos kangge njampeni gerah fisik lan nonfisik,pamanggihipun masarakat ngengingi bab pengobatan tradhisional dening dhukun pêtêk, sarta paedahipun pengobatan tradhisional pêtêk tumrap masarakat. Panaliten menika migunakaken metode kualitatif. Sumber data ing panaliten inggih menika Mbah Lanhari minangka dhukun pêtêk ing Dhusun Ngemplak, Desa Plosogede, Kecamatan Ngluwar, Kabupaten Magelang. Caranipun ngempalaken data ing salebeting panaliten menika migunakaken participantobservation, wawancara mendalam. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu mawi piranti kamera, perekam, saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data menika mawi cara induktif. Caranipun ngesahaken data lumantar triangulasi sumber lan metode. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) mula bukanipun pengobatan tradhisional dening Mbah Lanhari menika pikantuk saking faktor turunan lan tirakat kadosta siyam ngebleng lan mutih. (2) lampahing pengobatan tradhisional pêtêk menika kaperang dados tigang rerangken, inggih menika (a) mriksa pasien, (b) nyamektakaken pirantos, (c) njampeni pasien. (3) pirantos ingkang dipunginakaken kangge njampeni gerah fisik lan nonfisik menika beda, menawi gerah fisik pirantos ingkang dipunginakaken inggih menika “miri kopong” kaliyan lisah klentik, dene gerah nonfisik pirantos ingkang dipunginakaken inggih menika “toya pethak” lan sekar telon utawi sekar leson. (4) pamanggihipun masarakat ngengingi bab pengobatan tradhisional pêtêk menika kaperang dados tiga, inggih menika (a) masarakat pitados kaliyan pengobatan tradhisional pêtêk, (2) masarakat pitados kaliyan gerah nonfisik, (3) sarana ikhtiar. (5) paedahing pengobatan tradhisional pêtêk tumrap masarakat inggih menika (a) paedah religius, (b) paedah sosial.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: kajian kearifan lokal pengobatan, gerah fisik, nonfisik, dhusun ngemplak
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 12 Aug 2015 09:43
Last Modified: 30 Jan 2019 01:49
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24811

Actions (login required)

View Item View Item