TEMBUNG CAMBORAN WETAH WONTEN ING NOVEL KADURAKAN ING KIDUL DRINGU ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA

Veriana, Okta (2014) TEMBUNG CAMBORAN WETAH WONTEN ING NOVEL KADURAKAN ING KIDUL DRINGU ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Okta Veriana 10205241028.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika ngandharaken tembung camboran wetah wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu anggitanipun Suparto Brata. Pirembagan panaliten adhedhasar jinising tembung, sipat konstruksi saha makna tembung camboran wetah. Panaliten menika migunakaken jinis panaliten deskriptif. Data panaliten awujud ukara-ukara ingkang nedahaken panganggening tembung camboran wetah wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu. Caranipun ngempalaken data ing panaliten menika migunakaken teknik maos saha nyatet. Pirantining panaliten inggih menika tabel analisis data saking kertu data. Data ingkang sampun kapanggihaken dipunanalisis lajeng kaandharaken mawi teknik deskriptif. Caranipun ngesahaken data lumantar validitas semantis-kontekstual saha reliabilitas intrarater kaliyan reliabilitas interrater. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: 1) ewah-ewahan jinising tembung camboran wetah kaperang dados gangsal jinis tembung ingkang pokok, inggih menika: (a) tembung aran, (b) tembung kriya, (c) tembung kahanan, (d) tembung katrangan, saha (e) tembung sesulih, salajengipun jinis tembung menika kaperang dados 19 perangan miturut jinis tembung pandhapukipun. Ewah-ewahan jinising tembung camboran wetah saged sami kaliyan sedaya jinis tembung pandhapukipun, sami kaliyan salah setunggal jinis tembung pandhapukipun, ugi saged beda kaliyan sedaya jinis tembung pandhapukipun; 2) sipat konstruksi tembung camboran wetah kaperang dados kalih inggih menika eksosentris saha endosentris. Asipat eksosentris, ateges sedaya tembung pandhapukipun dados inti, wondene asipat endosentris, salah satunggal saking tembung pandhapukipun dados inti, saged mapan wonten ing tembung pandhapuk ingkang wiwitan ugi saged mapan wonten ing tembung pandhapuk ingkang pungkasan; 3) makna enggal tembung camboran wetah kapanggihaken miturut enem cara, inggih menika: (a) makna enggal ingkang boten saged dipunwangsulaken dhateng makna wujud dhasar, (b) makna enggal adhedhasar makna wujud dhasar, (c) makna enggal adhedhasar keselarasan makna wujud dhasar, (d) makna enggal saking wujud dhasar ingkang prakategorial, (e) makna enggal saking wujud dhasar ingkang unik, (f) makna enggal saking wujud dhasar onomatopoeia.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: tembung camboran wetah, novel kadurakan ing kidul dringu
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 11 Aug 2015 11:18
Last Modified: 30 Jan 2019 01:47
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24755

Actions (login required)

View Item View Item