DAMEL MEDIA PASINAON INTERAKTIF NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS 5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X

Rismawati, Iqlima Septy (2014) DAMEL MEDIA PASINAON INTERAKTIF NYEMAK LEGENDA RAKYAT JAWI KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS 5 PROFESSIONAL TUMRAP SISWA SMA KELAS X. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Iqlima Septy Rismawati 09205244010.pdf

Download (14MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika dipun-golongaken wonten ing panaliten pengembangan media. Ancasing panaliten menika ing antawisipun: (1) kangge ngandharaken tahap-tahap damel media pasinaon interaktif nyemak legenda rakyat Jawi kanthi aplikasi Adobe Flash CS5 Professional tumrap siswa kelas X SMA; (2) ngandharaken evaluasi kualitas media pasinaon interaktif nyemak legenda rakyat Jawi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media; (3) ngandharaken pamanggihipun guru basa Jawi saha siswa kelas X tumrap kualitas media pasinaon interaktif nyemak legenda rakyat Jawi. Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (R&D). Tahap-tahap ingkang dipunlampahi wonten panaliten inggih menika (1) tahap analisis, (2) tahap desain media, (3) tahap damel media, (4) tahap validasi saha ujicoba, (5) tahap pungkasaning media. Produk media pasinaon menika dipunevaluasi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media mawi validasi ngantos pikantuk kualitas media ingkang sae saha layak dipunujicoba wonten ing sekolah. Salajengipun dipunlampahi pambiji dening guru basa Jawi sarta ujicoba media dhateng pamanggihipun siswa. Cara ngempalaken data wonten panaliten menika mawi angket. Cara nganalisis data asiling evaluasi media pasinaon saha pamanggih siswa kanthi analisis deskriptif kangge mangertosi kualitas saha kelayakan media pasinaon interaktif nyemak legenda rakyat Jawi menika. Asiling panaliten nedahaken bilih: 1) asiling evaluasi kualitas media dening dosen ahli materi ingkang kaperang dados kalih perangan pikantuk rata-rata prosentase 86,95% ingkang kagolong kategori sae sanget, evaluasi dening dosen ahli media ingkang kaperang dados kalih perangan pikantuk rata-rata prosentase 80% ingkang kagolong kategori sae; saha 2) evaluasi kualitas media miturut pamanggih guru basa Jawi media menika pikantuk rata-rata prosentase 94% ingkang kagolong kategori sae sanget, asiling angket pamanggih siswa tumrap panganggenipun media pasinaon interaktif nyemak legenda rakyat Jawi pikantuk rata-rata prosentase 88,19% ingkang kagolong kategori sarujuk sanget. Prosentase siswa ingkang saged nggayuh standar KKM anggenipun nggarap gladhen ing media 82,86%. Jumbuh kaliyan asiling panaliten kasebut, saged dipuntegesi bilih media pasinaon interaktif nyemak legenda rakyat Jawi menika saged narik kawigatosan siswa sarta saged nggampilaken siswa anggenipun mangertosi materi piwulangan legenda rakyat Jawi.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: media pasinaon interaktif, nyemak legenda rakyat, adobe flash CS5 professional, SMA
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 11 Aug 2015 11:02
Last Modified: 30 Jan 2019 01:46
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24750

Actions (login required)

View Item View Item