Verrysaputro, Exwan Andriyan (2014) MEDIA PASINAON NYEMAK CARIYOS WAYANG KANTHI PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VIII. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Exwan Andriyan Verrysaputro 10205244071.pdf Download (17MB) | Preview |
Abstract
Ancasing panaliten menika, inggih menika: (1) kangge ngandharaken tahaptahap damel media pasinaon nyemak cariyos wayang kanthi program Macromedia Flash Professional 8 kangge siswa SMP kelas VIII; (2) ngandharaken kualitas media pasinaon nyemak cariyos wayang dening dosen ahli materi saha dosen ahli media; saha (3) ngandharaken pamanggihipun guru basa Jawi saha siswa kelas VIII tumrap kualitas media pasinaon nyemak cariyos wayang. Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (R&D), kanthi tahap (1) analisis, (2) desain media, (3) damel media, saha (4) validasi sarta ujicoba. Produk media pasinaon menika dipunevaluasi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media mawi validasi ngantos pikantuk kualitas media ingkang sae saha layak dipunujicoba wonten ing sekolah. Salajengipun dipunlampahi pambiji dening guru basa Jawi sarta ujicoba media dhateng siswa. Cara ngempalaken data ngginakaken angket. Cara nganalisis data ngginakaken analisis deskriptif. Asiling panaliten inggih menika: (1) media dipundamel kanthi tahap analisis, desain media, damel media, validasi sarta ujicoba, (2) kualitas media dening dosen ahli materi ingkang kaperang dados kalih perangan pikantuk rata-rata persentase 84,75% ingkang kagolong kategori sae sanget, evaluasi dening dosen ahli media ingkang kaperang dados kalih perangan pikantuk rata-rata persentase 80% ingkang kagolong sae, saha (3) pamanggih guru basa Jawi ngengingi media menika kagolong sae sanget ingkang pikantuk rata-rata persentase 98%, asiling angket pamanggih siswa tumrap panganggenipun media pasinaon nyemak cariyos wayang pikantuk rata-rata persentase 87,93% ingkang kagolong kategori sarujuk sanget. Asiling panaliten kasebut nedahaken bilih media pasinaon nyemak cariyos wayang menika saged narik kawigatosan siswa sarta saged nggampilaken siswa nampi materi piwulangan nyemak cariyos wayang.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | nyemak cariyos wayang, media pasinaon, macromedia flash professional 8 |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 11 Aug 2015 10:50 |
Last Modified: | 30 Jan 2019 01:46 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24746 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |