Suntoro, Yuli (2014) MAKNA LEKSIKAL NAMA-NAMA SESAKIT JAWI ING KABUPATEN KLATEN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Yuli Santoro 10205244076.pdf Download (7MB) | Preview |
Abstract
Panaliten menika ngrembag babagan nama sesakit Jawi ing Kabupaten Klaten. Ancasing panaliten inggih menika 1) ngandharaken wujud nama sesakit Jawi ing Kabupaten Klaten, 2) ngandharaken makna leksikal nama sesakit Jawi ing Kabupaten Klaten. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika nama sesakit Jawi ing Kabupaten Klaten saha makna leksikalipun. Cara ngempalaken data wonten ing panaliten menika kanthi (1) observasi, (2) interview, (3) dokumentasi, saha (4) studi kapustakan. Cara nganalisis data kanthi analisis komponensial. Wondene cara ngesahaken data kanthi validitas semantik saha triangulasi sumber data. Reliabilitas kanthi cara ngambali makaping-kaping saha konsultasi ahli inggih menika Drs. Mulyana, M.Hum. Asiling panaliten kaandharaken wujud nama sesakit Jawi ing Kabupaten Klaten cacah 66. Nama-nama menika menika kaandharaken adhedhasar perangan wonten pundi sakitipun. Inggih menika sesakit wonten ing mustaka dumugi jangga, sesakit wonten ngandhapipun jangga dumugi padharan, sesakit wonten ing ngandhap padharan dumugi suku, sesakit wonten ing kulit saha sesakit ingkang mboten cetha papan saha jalaran tuwuhipun. Nama sesakit Jawi dipuntegesi kanthi cara ngandharaken araning sesakit saha komponen makna saking nama sesakit Jawi. Komponen makna sesakit kaandharaken adhedhasar titikanipun sesakit, jalaran sesakit, raosipun sesakit, saha minangka sesakit ingkang nular utawi boten nular. Jumbuh kaliyan asiling panaliten wonten ing Kabupaten Klaten kapanggihaken 66 wujud nama sesakit Jawi. Pramila panaliten menika kaangkah saged kangge seserepan semantik bab nama sesakit Jawi. Nama sesakit Jawi menika ugi minangka pratandha saking sugihing basa.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | leksikal, nama-nama sesakit jawi |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 04 Jun 2015 07:59 |
Last Modified: | 29 Jan 2019 23:13 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/20013 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |