UNSUR MISTIK MAGIS ING NOVEL DHAYOH BENGI SANGU MAESAN ANGGITANIPUN ESMIET

Mustikasari, Wening Tyas (2014) UNSUR MISTIK MAGIS ING NOVEL DHAYOH BENGI SANGU MAESAN ANGGITANIPUN ESMIET. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Wening Tyas Mustikasari 10205244015.pdf

Download (14MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah setunggal ancas. Ancasipun inggih menika kangge ngandharaken menapa kemawon unsur mistik magis ingkang wonten ing novel Dhayoh Bengi Sangu Maesan anggitanipun Esmiet. Panaliten dipunlampahi supados para pamaos saged mangertos unsur mistik magis ingkang wonten ing novel kanthi maos panaliten menika. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Sumbering data ingkang dipunginakaken inggih menika novel Dhayoh Bengi Sangu Maesan anggitanipun Esmiet. Data saking panaliten menika arupi unsur mistik magis ingkang dipunkaji kanthi pendekatan sosiologi sastra. Caranipun ngempalaken data wonten ing panaliten menika kanthi cara maos saha nyerat. Data dipunandharaken kanthi cara analisis deskriptif. Caranipun ngesahaken data menika kanthi migunakaken validitas saha reliabilitas. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantik, dene reliabilitasipun inggih menika reliabilitas interrater saha reliabilitas intrarater. Asiling panaliten ngandharaken bilih unsur mistik magis ingkang kapanggihaken ing novel Dhayoh Bengi Sangu Maesan anggitanipun Esmiet antawisipun inggih menika : (1) unsur mistik magis arupi sesambetan kaliyan roh alus saking pangraosing indra, antawisipun inggih menika kanthi indra pendengaran, indra penglihatan, indra penciuman, saha indra peraba. (2) unsur mistik arupi sesambetan kaliyan roh alus saking panglantaring barang, antawisipun inggih menika panglantaring watu akik widuri lumut, panglantaring slimut, saha panglantaring manungsa. (3) unsur mistik magis arupi sikeping utawi tindak tanduking paraga, antawisipun inggih menika meditasi, njampeni tiyang sakit kanthi pengobatan alternative, saha migunakaken petangan Jawi.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: mistik magis, sosiologi sastra, deskriptif
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 07:55
Last Modified: 29 Jan 2019 23:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/20012

Actions (login required)

View Item View Item