PARAGA IRA RIANTI WONTEN ING CERBUNG TRESNA NGUMBARA ANGGITANIPUN ITHENG SULISTYAWATI (Kajian Psikologi Sastra)

Anggraeni, Lira Sinta Diah (2014) PARAGA IRA RIANTI WONTEN ING CERBUNG TRESNA NGUMBARA ANGGITANIPUN ITHENG SULISTYAWATI (Kajian Psikologi Sastra). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Lira Sinta Diah Anggraeni 09205244029.pdf

Download (33MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken perkawis paraga wanita wonten salebeting cerbung Tresna Ngumbara. Panaliten menika ngandharaken wujud perkawis, panyebab perkawis lan usaha kangge ngrampungaken perkawis paraga Ira wonten salebeting cerbung Tresna Ngumbara. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data wonten ing panaliten menika awujud wujud perkawis, panyebab perkawis lan usaha kangge ngrampungaken perkawis. Sumber datanipun inggih menika cerbung Tresna Ngumbara anggitanipun Itheng Sulistyawati. Panaliten menika dipuntaliti kanthi pendekatan psikologi sastra. Cara ngempalaken data saking panaliten menika mawi cara maos saha nyerat. Data dipunanalisis mawi cara analisis deskriptif kanthi tindak kategorisasi. Cara kanggen gesahaken data wonten ing panaliten menika ngginakaken validitas semantik, reliabilitas interrater lan intrarater. Asiling panaliten menika ngandharaken: (1) wujud perkawis, inggih menika was sumelang, ngraosaken katresnan saking perselingkuhan, bingung, kaduwung, kuciwa, putus asa, butarepan; (2) panyebab perkawis inggih menika Ira sampun dangu ngentosi Kris, Ira butarepan dhateng kris, Ira ngraosaken katresnan ingkang lepat, Ira kemutan nalika dipunsiya-siya dening Bardi, Ira ngrusak pager ayu, Ira ngraosaken lingsem nglampahi patrapan menika, Ira kwatos bilih kewanguran, Kris angslup tanpa jejak, Ira nandhang lara brangta, Ira kaget nalika tamu menika Rina, Ira lan Kris kewanguran, Ira pikatuk surat putusan dinas, Ira sampun mboten saged dados guru, Ira kuciwa nglampahi katresnan ingkang semu, Ira ngraosaken bingung kaliyan raos tresnanipun dhateng Kris; (3) usaha kangge ngrampungaken perkawis inggih menika represi, rasionalisasi, pengalihan, regresi, apatis, proyeksi, reaksi formasi, agresi, lan stereotype;

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: cerbung, tresna ngumbara, psikologi sastra
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 07:32
Last Modified: 02 Oct 2020 08:20
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/20001

Actions (login required)

View Item View Item