MARUKU MINANGKA ASIL KREASI PANGANGGIT ADHEDHASAR PATRON (Sosiologi Panganggit)

Azijah, Inga Natul (2014) MARUKU MINANGKA ASIL KREASI PANGANGGIT ADHEDHASAR PATRON (Sosiologi Panganggit). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Inga Natul Azijah 10205241021.pdf

Download (925kB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken unsur ekstrinsik naskah sandiwara radio Maruku anggitanipun Titik Renggani. Mliginipun wonten ing babagan latar belakang sosial budaya panganggit ingkang paring pangaribawa dhateng kariptanipun naskah sandiwara Maruku, anggenipun panganggit njangkepi profesi utaminipun saha pamaos ingkang dipuntuju dening panganggit. Panaliten menika ngandharaken unsur ektrinsik ingkang paring pangaribawa dhateng kariptanipun naskah sandiwara Maruku kanthi pendekatan Sosiologi Pangangit. Jinising panaliten menika panaliten sastra kanthi ngginakaken pendekatan sosiologi sastra mliginipun pendekatan sosiologi panganggit. Sumber data panaliten menika inggih menika transkrip asil wawancara kaliyan panganggit saha naskah sandiwara Maruku. Data ingkang dipunginakaken inggih menika data primer awujud transkrip wawancara saha data sekunder awujud naskah sandiwara Maruku saha info babagan panganggit. Caranipun ngempalaken dhata ngginakaken teknik wawancara saha teknik kapustakan ingkang katindakaken kanthi pados dhata panjurung saking sumber internet kadosta artikel, facebook, blog, lan sapanunggalanipun. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak. Caranipun analisis mawi teknik deskriptif interpretatif sosiologi panganggit. Validitas ingkang dipunginakaken inggih validitas semantik saha tetimbangan ahli, wondene reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika triangulasi sumber saha reliabilitas interater. Asiling panaliten menika ngandharaken babagan latar belakang sosial budaya panganggit ingkang paring pangaribawa dhateng karyanipun asesirah Maruku ingkang kaperang dados kalih inggih menika lingkungan pagesangan saha lingkungan padamelan. Anggenipun panganggit njangkepi profesi utaminipun minangka penyiar saged dipuntingali saking sedaya seratan panganggit ingkang dipuntujokaken kangge njangkepi kabetahan siaran RRI. Pamaos ingkang dipuntuju dening panganggit inggih menika tiyang diwasa mliginipun ingkang badhe nglampahi palakrama, ingkang saweg nglampahi bebrayan saha tiyang sepuh ingkang betahaken referensi piwulang kangge putranipun.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: naskah sandiwara Maruku, sosiologi panganggit
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 07:25
Last Modified: 02 Oct 2020 08:45
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19998

Actions (login required)

View Item View Item