PENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA “BAJANG KALADETE” MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010

Wardani, Flourida Riyanti (2014) PENYIMPANGAN PRINSIP KERJASAMA WONTEN ING PAGELARAN DRAMA SANGGAR SASTRA JAWA “BAJANG KALADETE” MAHASISWA JURUSAN PBD FBS UNY TAUN 2010. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Flourida Riyanti Wardani 10205241076.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken penyimpangan prinsip kerjasama wonten ing pagelaran drama sanggar sastra Jawa Bajang Kaladete mahasiswa Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah FBS UNY. Prekawis ingkang dipunrembag wonten ing panaliten inggih menika awujud jinis saha paedahipun panyimpangan prinsip kerjasama ing pawicantenan para paraganipun. Paedahipun panaliten inggih menika kangge nambah seserepan saha suka pamanggih dhumateng pangrembakaning teori-teori pragmatik, mliginipun babagan prinsip kerjasama. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif inggih menika kangge ngandharaken tuturan ingkang nyimpang saking paugeraning prinsip kerjasama. Sumber datanipun inggih menika tuturanipun para paraga ing video pagelaran drama kanthi irah-irahan Bajang Kaladete. Data panaliten kapanggihaken kanthi teknik simak bebas libat cakap (SBLC) saha teknik rekam lan teknik cathet minangka teknik lanjutan. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak dipunbiyantu piranti rekam saha kertu data. Validitas ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika expert judgement, wondene reliabilitas data ingkang kaginakaken inggih menka reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten ingkang kapanggihaken nedahaken wontenipun (1) wujud penyimpangan prinsip kerjasama, saha (2) paedah penyimpangan prinsip kerjasama ing pagelaran drama Bajang Kaladete. Jinisipun penyimpangan prinsip kerjasama awujud penyimpangan maksim kuantitas, maksim kualitas, maksim relevansi, saha maksim pelaksanaan. Wondene paedah penyimpangan ingkang kapanggihaken awujud paedah personal, direktif, fatik, referensial, metalingual, saha imajinatif. Penyimpangan maksim kuantitas ingkang kapanggihaken awujud penutur suka tuturan ingkang kirang saha langkung saking kabetahanipun mitra tutur. Penyimpangan maksim kualitas ingkang kapanggihaken awujud penutur suka tuturan ingkang boten jumbuh kaliyan kasunyatan. Penyimpangan maksim relevansi ing panaliten menika awujud penutur suka tuturan ingkang boten jumbuh kaliyan konteks tutur. Wondene penyimpangan maksim pelaksanaan ing panaliten menika amargi penutur suka tuturan ingkang ambigu saha boten cetha.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: penyimpangan prinsip kerjasama, drama
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 07:19
Last Modified: 29 Jan 2019 23:12
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19996

Actions (login required)

View Item View Item