LELAKONING PARAGATAMA INGKANG NYALAWADI WONTEN ING NOVEL KADURAKAN ING KIDUL DRINGU ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (kanthi Pendekatan Sosiologi Sastra)

Asih, Estri Wiji (2014) LELAKONING PARAGATAMA INGKANG NYALAWADI WONTEN ING NOVEL KADURAKAN ING KIDUL DRINGU ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (kanthi Pendekatan Sosiologi Sastra). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Estri Wiji Asih 10205244019.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas ngandharaken wujud konflik sosial, perkawis ingkang njalari konflik sosial, saha sikapipun paragatama ngadhepi konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif analisis. Data ing panaliten menika awujud narasi, pacelathon menapadene lelampahanipun para paraga wonten ing novel. Data menika dipunandharaken lajeng dipunanalisis migunakaken pendekatan sosiologi sastra. Caranipun manggihaken data kanthi teknik maos saha nyerat. Data ingkang wonten dipunanalisis kanthi cara deskriptif, inggih menika panaliti ngandharaken wujud konflik sosial, perkawis ingkang njalari konflik sosial, saha sikapipun paragatama ngadhepi konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu. Kangge manggihaken validitas data kaginakaken validitas semantis, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data dipunginakaken reliabilitas intrarater saha interrater. Asiling panaliten ngandharaken: (1) wujud konflik sosial wonten ing novel ing antawisipun inggih menika: perdebatan, padudon, kekerasan fisik, sindiran, penolakan, penggertakan, saha pameksan, (2) perkawis ingkang njalari konflik sosial inggih menika: beda pamanggih, cemburu, salah tampa, tuding-tinuding, srengen dhateng tiyang sanes, raos penasaran, kasetyanipun Kingkinarti, raos boten tega, raos pakewuh, raos kadheseg, sarta cubriya, lajeng (3) sikapipun paragatama ngadhepi konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu inggih menika: tetep ing pamanggih, nyuwun pangapunten, klincutan, mendel, mangsuli kanthi jengkel, boten sarujuk, nampik pamanggih, mangsuli kanthi alon, mlayu medal, cepengan dhateng Naraindras, boten sabar, rumaos isin, wani nyobi guneman, boten marengaken Kingkinarti, nyobi ngandhani, nutupi raos welasipun, saha mbuletaken pacelathon. Saking asiling panaliten menika kapanggihaken bilih perkawis ing masarakat inggih menika konflik sosial wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu kalebet wosing karya sastra. Konflik minangka unsur pambangun karya sastra ndadosaken lampahaning cariyos langkung ngresepaken.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: novel, konflik sosial, sosiologi sastra, deskriptif analisis
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 07:11
Last Modified: 02 Oct 2020 08:34
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19993

Actions (login required)

View Item View Item