CITRA SAHA KETIDAKADILAN GENDER TUMRAP WANODYA ING NOVEL PISUNGSUNG KANG WINGIT ANGGITANIPUN ATAS S. DANUSUBROTO

Kurniawati, Dita (2014) CITRA SAHA KETIDAKADILAN GENDER TUMRAP WANODYA ING NOVEL PISUNGSUNG KANG WINGIT ANGGITANIPUN ATAS S. DANUSUBROTO. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Dita Kurniawati 10205241033.pdf

Download (14MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken peran, citra, saha manifestasi ketidakadilan gender tumrap wanodya ing novel kanthi irah-irahan Pisungsung Kang Wingit anggitanipun Atas S. Danusubroto. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud tembung, frasa, ukara saha paragraf. Sumber data panaliten menika novel kanthi irah-irahan Pisungsung Kang Wingit anggitanipun Atas S. Danusubroto. Cara ngempalaken data kanthi teknik maos, saha nyathet. Data dipunanalisis mawi cara deskriptif kanthi ngandharaken peran, citra, saha manifestasi ketidakadilan gender tumrap wanodya. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantis saha kanthi konsultasi dhateng dosen pambibing (expert-judgment). Wondene reliabilitas ing panaliten menika migunakaken reliabilitas intrarater saha interater. Peran ing novel menika kaperang dados peran ing kulawarga saha masarakat. Peran ing kulawarga antawisipun dados putra, sedherek ipe, bulik, ibu, pados pangupa jiwa. Peran ing masarakat kados aktif ing kagiyatan perekonomian, saha minangka anggota masarakat. Citra fisiologis ingkang kapanggihaken antawisipun praupan sulistya, manis, lathi tipis, irung ngrungih, untu gingsul, pakulitan kuning resik, gulu panjang ngulan-ulan, rikma ngandhan-andhan, payudara weweg, mripat mblalak, pakulitan alus lumer, praupan ireng manis, mripat blawur, saha badan krepo. Wanodya minangka manungsa intelektualis gadhah watak: remen berimajinasi, orientasi dhateng masa depan, gadhah prinsip, tegas, tekad kiyat. Wanodya minangka manungsa estetis gadhah watak: gampil trenyuh, kuciwa, kuwatos, tresna dhateng tiyang sanes, peduli, tertutup dhateng tiyang sanes, tanpa daya, nglokro, saha sedhih. Wanodya minangka manungsa sosial gadhah watak: bersahaja, wicaksana, gupuh, hormat. Wanodya minangka manungsa religius gadhah watak tradisionalis, pasrah, saha tabah. Wanodya minangka manungsa ekonomi gadhah watak sregep, saha ulet. Wanodya minangka manungsa politik, wanodya gadhah watak emosional, acuh tak acuh, cubriya, wangkot, nekad, munafik, gumedhe, saha egois. Dene citra sosiologis ingkang kapanggihaken antawisipun pedamelan, status sosial, saha pandhidhikan. Ketidakadilan gender tumrap paraga wanodya ingkang kapanggihaken wonten ing novel menika antawisipun subordinasi, marginalisasi, stereotip, saha kekerasan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: citra, ketidaakadilan gender, novel Pisungsung Kang Wingit
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 07:00
Last Modified: 29 Jan 2019 23:12
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19988

Actions (login required)

View Item View Item