Yunarwati, Desinta Siwi (2014) INTERFERENSI MORFOLOGIS BASA INDONESIA TUMPRAP PANGANGGENIPUN BASA JAWI ING UPACARA PANGRUKTINING LAYON WONTEN KABUPATEN KLATEN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Desinta Siwi Yunarwati 10205241054.pdf Download (12MB) | Preview |
Abstract
Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken Interferensi Morfologis basa Indonesia tumrap pangangenipun basa Jawi ing Upacara pangruktining layon wonten Kabupaten Klaten. Prekawis ingkang karembag wonten ing salebeting panaliten inggih menika jinising interferensi morfologis saha proses morfologisipun. Paedah panaliten menika kaperang dados kalih inggih menika paedah teoritis saha paedah praktis. Paedah teoritis wonten ing panaliten kangge paring paedah babagan pangrembakaning ngelmu basa, mliginipun bidang sosiolingistik, inggih menika kangge bukti bilih interferensi saged kalaksanan imbal balik antawis basa kedua (B2) mangaribawani basa pertama (B1) utawi sawalikipun. Paedah praktis wonten ing panaliten menika kangge paring kontribusi wonten ing piwucalan mliginipun piwucalanan basa jawi. Panaliten menika kagolongaken wonten ing jinising panaliten deskriptif. Data wonten panaliten menika awujud data lisan inggih menika tembungtembung ingkang ngemu interferensi morfologis. Sumber datanipun inggih menika tembung-tembung saha tuturan saking pranatacara saha pamedhar sabda wonten upacara pangruktining layon ing tlatah Kabupaten Klaten. Data panaliten kapanggihaken kanthi teknik simak bebas libat cakap (SBLC) sarta teknik rekam lan teknik cathet minangka teknik lanjutan. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak dipunbiyantu piranti rekam saha kertu data. Validitas ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika experts judgement, wondene reliabilitas data ingkang kaginakaken inggih menika reliabilitas stabilitas saha triangulasi teori. Asiling panaliten ingkang kapanggihaken inggih menika (1) jinising interferensi unsur pandhapuking tembung, saha (2) jinising interferensi pola proses morfologis. Jinising Interferensi unsur pandhapuking tembung ingkang kapanggihaken inggih menika interferensi bentuk dasar, interferensi afiks, saha interferensi kompositum. Jinising Interferensi pola proses morfologis kapanggihaken wonten ing pola pandhapuking tembung andhahan saha tembung rangkep. Pola pandhapuking tembung andhahan dipunperang dados kalih, inggih menika interferensi pola panganggenipun bentuk dasar saha inteferensi pola panganggenipun afiks, wonten ing tembung rangkep kapanggihaken reduplikasi wetah saha reduplikasi mawi afiks.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | interferensi morfologis, pangruktining layon |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 04 Jun 2015 06:53 |
Last Modified: | 29 Jan 2019 23:12 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19984 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |