BASA PISUHAN DIALEK BANYUMAS WONTEN ING LAWAKAN CURANMOR

Yuliarini, Budi Sih (2014) BASA PISUHAN DIALEK BANYUMAS WONTEN ING LAWAKAN CURANMOR. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Budi Sih Yuliarini 10205244011.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken basa pisuhan Dialek Banyumas salebeting Lawakan Curanmor. Panaliten menika ngandharaken wujud, referen, saha ancas pisuhan Dialek Banyumas salebeting Lawakan Curanmor. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten awujud tembung, frasa, saha klausa. Sumber datanipun wolulikur MP3(Moving Picture Expert Group Layer-3 Audio) Lawakan Curanmor kanthi irah-irahan: Aku dudu Tukang, Anak Elek, Anak Kelalenan, Anak Nurut maring Mamake, Aslinya Mana, Bakul Utek, Beli Kondom, Berak di Sarung, Biksu Tong, Bupati Curanmor, Cerita Sedih, Dewa Pencabut Nyawa, Dorong-dorongan, Gemblung Nyanyi, Kaki Blewung, Kapal Belanda, Karnaval, Kesasar, Lulusan, Matine Dokter Jantung, Mesin Ketik, Nini Jemu, Nyelang Buku, Password ATM, Peraturan FIFA, Ramburambu Lalulintas, THR Teluk Penyu, lan Wong Babaran. Caranipun ngempalaken data inggih menika ngginakaken teknik simak, sadap, lan catat. Data ingkang sampun dipunkempalaken dipunanalisis kanthi deskriptif. Kangge manggihaken validitas data inggih menika ngginakaken triangulasi teori saha validitas semantis wondene anggenipun manggihaken reliabilitas ngginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten menika ngandharaken wujud, referen saha ancas pisuhan wonten ing Lawakan Curanmor. Wujuding pisuhan ing Lawakan Curanmor inggih menika tembung lingga, tembung andhahan, frasa, saha klausa. Jinising tembung pisuhan ing Lawakan Curanmor inggih menika tembung aran, tembung kahanan saha tembung kriya. Pisuhan awujud tembung lingga aran gadhah referen nama kewan, perangan badhan, saha jinis lelembut. Pisuhan awujud tembung lingga kahanan gadhah referen kahanan tiyang saha perangan badhan. Pisuhan awujud tembung lingga kriya gadhah referen aktivitas tartamtu. Pisuhan awujud tembung andhahan gadhah referen perangan badhan, aktivitas tartamtu, pedamelan, kahanan tiyang, nama barang, jinis lelembut, saha nama dhaharan. Pisuhan awujud frasa aran gadhah referen nama kewan, kahanan tiyang, pedamelan, nama barang, raketing sesambetan, panggenan, saha jinising lelembut. Pisuhan awujud frasa kahanan gadhah referen kahanan tartamtu. Pisuhan awujud klausa kahanan gadhah referen kahanan tiyang saha kahanan tartamtu. Pisuhan awujud klausa kriya gadhah referen nama kewan lan aktivitas tartamtu. Ancas pisuhan salebeting Lawakan Curanmor kangge ngandharaken raos duka, jengkel, kuciwa, getun, gumun, ngina, saha ngandharaken raketing sesambetan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: basa pisuhan, dialek banyumas
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 06:45
Last Modified: 29 Jan 2019 23:12
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19982

Actions (login required)

View Item View Item