KAJIAN TINDAK TUTUR WACANA KAOS CAK CUK SURABAYA

Sholekah, Ardiany Fitri (2014) KAJIAN TINDAK TUTUR WACANA KAOS CAK CUK SURABAYA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Ardiany Fitri Sholekah 10205244008.pdf

Download (4MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah tigang ancas. Ancasing panaliten inggih menika 1) ngandharaken satuan wujud lingual wonten ing kaos Cak Cuk Surabaya, 2) ngandharaken wujud tindak tutur wonten ing wacana kaos Cak Cuk Surabaya, 3) ngandharaken fungsi tindak tutur wonten ing wacana Kaos Cak Cuk Surabaya adhedhasar konteks wacana. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika internet saha outlet kaos cak cuk. Data saking panaliten menika awujud wacana kaos Cak Cuk Surabaya. Cara ngempalaken data wonten ing panaliten menika kanthi cara ngunduh data wonten ing internet, moto wonten ing outlet, maos, saha nyerat. Data dipungarap kanthi cara analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika expert judgement, lajeneg realibilitasipun inggih menika reliabilitas intrarater, reliabilitas intrarater dipunlampahi kanthi cara cek ricek utawi kajian berulang Asiling panaliten menika kaandhareken wujud satuan lingual wonten tembung, frasa, saha ukara. Wujud saking tembung wonten sekawan inggih menika tembung lingga, tembung andhahan, tembung rangkep saha tembung camboran. Wujud saking frasa wonten kalih jinisipun frasa eksosentrik aran saha frasa endosentrik aran. Wujud saking ukara wonten kalih ukara lamba saha ukara cambor. Wujud tindak tutur wonten tiga lokusi, ilokusi saha perlokusi. Saben wujud tindak tutur menika kadhapuk saking tigang jinis ukara inggih menika deklaratif (pawarta), interogatif (pitakenan) saha imperatif (prentah). Ingkang pungkasan fungsi tindak tutur wacana menika kaanalisis kanthi konteks wacana saha efek wacana wujud saking perlokusi. Fungsi tindak tutur lokusi wonten kalih inggih menika ngandharaken saha paring pamanggih. Fungsi ingkang kaping kalih inggih menika fungsi saking tindak tutur ilokusi. Fungsi tindak tutur ilokusi menika wonten gangsal, saben fungsi menika wonten wujudnipun. Fungsi-fungsi menika wonten asersif wujudipun wonten suka pamrayogi, keluhan; direktif fungsinipun merekomendasi, paring prentah, paring pitedah; ekspresif wujudipun humor, nglepataken; komisif wujudipun menawarkan sesuatu; saha deklaratif paring nama, mengangkat. Ingkang pungkasan inggih menika efek minagka wujud saking tindak tutur perlokusi. Efek saking minangka wujud saking perlokusi inggih menika ngguyu, mangertos, nindhakaken, nresnani budaya, ngincipi, tindak wonten ing kebun binatang, manut, ngregani, pikantuk informasi, ditanggulangi, mongkog, prihatin, mirengaken saha mampir.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: tindak tutur, kaos cak cuk
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 06:41
Last Modified: 29 Jan 2019 23:11
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19981

Actions (login required)

View Item View Item