PURWAKANTHI ING SALEBETING TEKS SEKAR SLAWATAN JAWI LARAS MADYA ING TLATAH KRADENAN KALIKUNING, BATURONO, SALAM, MAGELANG, JAWA TENGAH

Mulyono, Sigit (2014) PURWAKANTHI ING SALEBETING TEKS SEKAR SLAWATAN JAWI LARAS MADYA ING TLATAH KRADENAN KALIKUNING, BATURONO, SALAM, MAGELANG, JAWA TENGAH. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Sigit Mulyono 10205241022.pdf

Download (5MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken jinising purwakanthi saha paedah purwakanthi wonten ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya. Panaliten manika kagolongaken wonten ing jinising panaliten kualitatif deskripstif. Subjek wonten ing panaliten menika awujud rekaman sekar slawatan Laras Madya. Panaliten menika mligi ngrembag babagan jinising purwakanthi saha paedah purwakanthi ingkang kapanggihaken wonten ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya. Cara anggenipun ngempalaken data panaliten inggih kanthi cara ngrekam, nyemak, cathet, saha maos. Data ingkang awujud jinising purwakanthi saha paedah purwakanthi wonten ing salebeting cakepan dipungarap kanthi cara analisis deskriptif, wondene ingkang dados unit analisis maksimal wonten panaliten menika satunggal gatra. Cara ngesahaken data wonten ing salebeting panaliten menika migunakaken validitas semantik saha expert judgment, supados data panaliten menika ajeg, panaliti migunakaken reliabilitas intra rater. Asiling panaliten kanthi bahan pirembagan sekar slawatan Laras Madya menika nedahaken bilih (1) jinising purwakanthi kaperang dados kalih jinis inggih menika (a) Jinising purwakanthi miturut larasing swara, sastra saha basa, (b) Jinising purwakanthi miturut gunggung purwakanthi ingkang kaandhut ing salebeting cakepanipun. Miturut asiling purwakanthi kapanggihaken purwakanthi kanthi gunggung 133 purwakanthi ingkang kaperang dados purwakanthi guru swara 96 purwakanthi, purwakanthi guru sastra 7 purwakanthi, saha purwakanthi basa wonten 30 purwakanthi. (2) paedah purwakatthi wonten ing panaliten menika dipunpantha dados tiga inggih menika (a) nggayutaken tetembungan saha paring nilai estetis wonten ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya, (b) nggayutaken tetembungan saha ngiyataken tembung satunggal saha sanesipun, (c) nggayutaken tetembungan saha nengenaken babagan makna wonten ing salebeting ukara. Asiling panaliten menika kaangkah saged paring manfaat tumprap pamaos saha piwulangan mliginipun piwulangan purwakanthi.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Purwakanthi, sekar slawatan, laras madya
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 06:25
Last Modified: 29 Jan 2019 23:11
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19976

Actions (login required)

View Item View Item