UPACARA MALEM REBO PON WONTEN ING MAKAM RANGGAWARSITA DESA PALAR, KECAMATAN TRUCUK, KABUPATEN KLTEN

Setyawan, Rudi Eko (2014) UPACARA MALEM REBO PON WONTEN ING MAKAM RANGGAWARSITA DESA PALAR, KECAMATAN TRUCUK, KABUPATEN KLTEN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Rudi Eko Setyawan 10205241046.pdf

Download (24MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken (1) biografi utawi lampahan gesanging R. Ng. Ranggawarsita kaliyan saperangan karyanipun (2) mula bukaning saking upacara Malem Rebo Pon wonten ing Makam Ranggawarsita (3) lampahing prosesi upacara Malem Rebo Pon wonten ing Makam Ranggawarsita (4) Ngandharaken makna simbolikipun sesajen ingkang dipunginakaken wonten ing salebeting Upacara Malem Rebo Pon wonten ing Makam Ranggawarsita (5) Ngandharaken paedahipun Upacara Malem Rebo Pon wonten ing Makam Ranggawarsita, Desa Palar, Kecamatan Trucuk, Kabupaten Klaten tumraping warga masarakat panyengkuyung. Panaliten menika kalebet jinis panaliten kualitatif inggih menika panaliten kangge ngandharaken kanthi cetha salah satunggaling perkawis. Perkawis ingkang dipunandharaken inggih menika babagan Upacara Malem Rebo Pon wonten ing Makam Ranggawarsita, Desa Palar, Kecamatan Trucuk, Kabupaten Klaten kanthi jangkep awit saking mula bukaning, lampahing upacara makna lan paedah upacara menika tumrap masarakat panyengkuyung. Asiling panaliten menika nedahaken bilih (1) sujarahipun R. Ng. Ranggawarsita kaliyan saperangan karyanipun ingkang kawentar wonten ing nuswantara saha manca nagari, (2) mula bukaning upacara Malem Rebo Pon minangka tandha pakurmatan dhumateng R. Ng. Ranggawarsita ingkang dados pujangga panutup ing tlatah Jawi, upacara menika kalamapahan selapan dinten pisan, Malem Rebo Pon kaleresan dinten sedanipun Pujangga, (3) lampahing upacara Malem Rebo Pon menika kawiwitan kanthi tabuh hadroh kalajengaken acara, kanthi urut-urutaning inggih menika Pambuka, Tahlil dikir, pambagya raharja, lajeng inti pangajian pungkasan pandonga saha pauntup., (4) dene maknanipun acara menika kangge nggiyaraken agami wonten ing sakiwa tegenipun makam, (5) upacara menika ugi gadhah paedah tumrap bebrayan agung wiwit saking paedah agami, sosial, nglestantunaken tradhisi lan ekonomi. Awit saking menika saged dipunpundhut dudutan bilih upacara menika migunani tumrap bebrayan agung amargi saged narik kapitadosan masarakat lan saged kangge sarana pasinaon kabudayan jawa.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Ranggawarsita, Malem Rebo Pon, makam Ranggawarsita
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 06:20
Last Modified: 29 Jan 2019 23:11
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19974

Actions (login required)

View Item View Item