Setyawan, Novanto (2014) JAMASAN PUSAKA WONTEN ING PENGETAN 1 SURA ING DHUSUN KECEME, DESA GERBOSARI, KECAMATAN SAMIGALUH, KABUPATEN KULON PROGO. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Novanto Setyawan 10205241058.PDF Download (10MB) | Preview |
Abstract
Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken (1) asal-usulipun upacara Jamasan Pusaka, (2) lampahing prosesi upacara Jamasan Pusaka, (3) ngandharaken makna simbolik sesaji ingkang dipunginakaken wonten ing salebeting Upacara Jamasan Pusaka, (4) ngandharaken paedahipun Upacara Jamasan Pusaka tumrap warga masarakat panyengkuyung. Panaliten menika kalebet jinis panaliten kualitatif. Cara ingkang kaginakaken kangge ngempalaken data inggih menika kanthi migunakaken pengamatan berperan serta saha wawancara mendalam. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu migunakaken piranti kamera, voice recorder, lan buku cathetan. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika kanthi migunakaken teknik analisis induktif. Data dipunsahaken kanthi cara triangulasi sumber lan metode. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) asal-usuling upacara Jamasan Pusaka inggih menika nalika Kanjeng Sri Sultan HB IX ingkang masrahaken pusaka wonten ing Dhusun Keceme supados dipunwonteni Jamasan Pusaka saben 1 Sura. Dipunpilihipun Dhusun Keceme minangka papan upacara Jamasan Pusaka amargi papan menika minangka papan ingkang kaginakaken dening Sultan Agung Hanyokrokusuma kangge papan pratapan saengga pikantuk wangsit dados ratu wonten ing Kraton Mataram. (2) Lampahing prosesi upacara Jamasan Pusaka menika kawiwitan kanthi kenduri lan tirakat wonten ing malem 1 Sura, ingkang kalajengaken Kirab gunungan lan jamasan Pusaka wonten ing 1 Sura, lan dipunpungkasi kanthi pagelaran seni jathilan. (3) Sesaji ingkang kaginakaken wonten ing prosesi kenduri lan jamasan menika nggadhahi simbolsimbol tartamtu ingkang gayut kaliyan pagesangan manungsa lan nggambaraken raos syukur warga masarakat dhumateng Gusti Ingkang Maha Mirah. (4) Upacara jamasan Pusaka ingkang kalampahan wonten ing Dhusun Keceme menika gadhah paedah tumrap masarakat panyengkuyungipun arupi paedah spiritual, sosial, ekonomi, pariwisata, lan pelestari tradhisi.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | jamasan pusaka, 1 sura |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 04 Jun 2015 06:17 |
Last Modified: | 29 Jan 2019 23:11 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19973 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |