SAPA ARUH BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN SEPTEMBER – DESEMBER TAUN 2013

Andari, Nofi (2014) SAPA ARUH BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN SEPTEMBER – DESEMBER TAUN 2013. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Nofi Andari 10205244002.pdf

Download (7MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken jinising sapa aruh basa Jawi saha bab ingkang ndayani panganggenipun sapa aruh basa Jawi wonten ing rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang wedalan wulan September – Desember taun 2013. Panganggenipun sapa aruh wonten ing kalawarti Djaka Lodang menika saged dipundadosaken tuladha panganggenipun sapa aruh basa Jawi wonten ing padintenan. Jinising panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika panaliten deskriptif. Data panaliten menika awujud tetembungan ingkang nedahaken sapa aruh wonten ing rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang wedalan wulan September dumugi Desember taun 2013. Sumbering data panaliten menika ngginakaken 17 kalawarti Djaka Lodang kanthi angka wedalan 15 dumugi 31 taun 2013. Pirantining panaliten menika ngginakaken tabel analisis data ingkang dipunbiyantu kanthi kartu data. Data dipunkempalaken kanthi cara maos lan nyerat (nyathet). Caranipun nganalisis data menika ngginakaken teknik analisis deksriptif saha pendekatan sosiolinguistik mliginipun teori SPEAKING saking Dell Hymes. Wondene cara anggenipun ngesahaken data menika kanthi ngginakaken validitas (triangulasi teori) saha reliabilitas (intrarater lan interater). Asiling panaliten inggih menika: (1) jinisipun sapa aruh, inggih menika; (a) namanipun tiyang, (b) pasedherekan ingkang kaperang dados pasedherekan asli saha pasedherekan ingkang sampung nglampahi perluasan makna, (c) gelar kabangsawanan ingkang sampun nglampahi perluasan makna, (d) pedamelan utawi profesi, (e) adjektif transposisional, (f) metaforik utawi paraban, (g) tembung sesulih purusa, (h), sapa aruh umum, saha (i) tembung religius; (2) bab ingkang ndayani panganggenipun sapa aruh, inggih menika; (a) papan lan kawontenan nalika pawicantenan, (b) hubungan panutur kaliyan mitra tutur, jenis kelamin, pangkat, yuswa, drajad, lan status sosial paraga, (c) ancasipun micanten, (d) wujudipun ukara ingkang dipunginakaken, (e) cara, nada lan tumindak nalika panutur micanten, (f) pirantos ingkang dipunginakaken kangge ngandharaken pawicantenan, (g) trapsila lan unggah-ungguh basa nalika pawicantenan, lan ugi (h) jinisipun wacana ingkang dipunginakaken paraga.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: sapa aruh basa Jawi, kalawarti Djaka Lodang, rubrik cerkak
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 06:14
Last Modified: 02 Oct 2020 08:17
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19972

Actions (login required)

View Item View Item