PANGANGGENING DWIBASA SALEBETING FILM TENDANGAN DARI LANGIT

Yulianggara, Melisa (2014) PANGANGGENING DWIBASA SALEBETING FILM TENDANGAN DARI LANGIT. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Melisa Yulianggara 09205241002.pdf

Download (7MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken panganggening dwibasa ing salebeting film Tendangan Dari Langit. Panaliten menika ngandharaken wujud saha fungsinipun dwibasa ing salebeting film Tendangan Dari Langit. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud wujud saha fungsinipun dwibasa. Subjek panalitenipun inggih menika film Tendangan Dari Langit. Cara kangge manggihaken data inggih menika kanthi metode simak ingkang dipunjangkepi mawi teknik sadap. Data dipunanalisis kanthi teknik deskriptif inggih menika panaliti ngandharaken wujud saha fungsinipun dwibasa salebeting film Tendangan Dari Langit. Kangge ngesahaken data dipunginakaken validitas saha reliabilitas. Asiling panaliten menika ngandharaken wujud saha fungsinipun dwibasa ing salebeting film Tendangan Dari Langit. Wujud panganggening dwibasa menika awujud alih kode saha campur kode. Alih kode menika arupi klausa, menawi campur kode menika arupi tembung. Tembung menika dipunperang dados gangsal inggih menika tembung lingga, tembung andhahan, tembung wancah, tembung rangkep, saha tembung camboran. Fungsinipun dwibasa salebeting film Tendangan Dari Langit inggih menika fungsi instrumental, fungsi regulasi, fungsi representasion, fungsi interaksional, fungsi personal, fungsi heuristik, saha fungsi imajinatif.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: dwibasa, tendangan dari langit
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 06:11
Last Modified: 29 Jan 2019 23:11
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19971

Actions (login required)

View Item View Item