Listiani (2014) KAJIAN HERMENEUTIK SISTEM IDE SAHA SISTEM SOSIAL WONTEN ING ISTILAH-ISTILAH KULTUR JAWA NOVEL PENGAKUAN PARIYEM ANGGITANIPUN LINUS SURYADI AG. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Listiani 1020524124.pdf Download (2MB) | Preview |
Abstract
Ancasing panaliten menika kangge mangertosi nilai sosial budaya Jawa awujud sistem ide saha sistem sosial wonten ing istilah-istilah kultur Jawa, wonten novel Pangakuan Pariyem. Metode panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika metode hermeneutik Paul Ricoeur. Sumber data panaliten istilah-istilah kultur Jawa novel Pangakuan Pariyem anggitanipun Linus Suryadi AG. Data dipunkempalaken ngginakaken metode pengamatan pencatatan, kanthi maos sumber data kanthi cara heuristik tumuju hermeneutik. Teknik analisis data dipunlampahi kanthi sekawan tataran (1) mengkategorisasi wujud data dados sistem ide saha sistem sosial. (2) data ingkang awujud sistem ide dipunkategorisasi dados kalih: sesambetaning manungsa kaliyan sesami saha sesambetanipun manungsa kaliyan sesami. (3) Lajeng data ingkang awujud sistem sosial dipunkategorisasi dados tiga: magepokan kaliyan sesambetaning manungsa kaliyan sesami; magepokan kaliyan sesambetanipun manungsa kaliyan sesami saha magepokan kaliyan sesambetanipun manungsa kaliyan alam. (4) sedaya data ingkang sampun dipunkategorisasi lajeng dipuntafsiraken kanthi nggatosaken simbol ingkang sinandi saha nggayutaken kaliyan konteks sosial budaya Jawi ingkang dados dhasaring panyeratan novel Pangakuan Pariyem. Validitas data panaliten ngginakaken validitas semantis. Reabilitas ingkang dipunpanggihaken wonten ing panaliten menika reabilitas intrarater saha reabilitas interrater. Asiling panaliten menika katingal bilih wonten ing novel Pangakuan Pariyem ngewrat nilai sosial budaya Jawi jaman rumiyin ingkang kapetang kiat. Potret pagesangan tiyang Jawi menika awujud sistem ide saha sistem sosial. Wonten ing Sistem ide menika ngewrat konsep-konsep ide ingkang dipundadosaken cepengan dening tiyang Jawi mliginipun paraga Pariyem kangge dhasar anggenipun ngglampahi gesang. Konsep –konsep ide kaperang dados kalih: (a) sesambetaning manungsa kaliyan sesami; saha (b) sesambetanipun manungsa kaliyan sesami. Lajeng wonten ing sistem sosial ngewrat potret pagesangan sosial Jawi ingkang dipuncariyosaken dening babu asesilih Pariyem menika. Sistem sosial piyambak kaperang dados tiga: (a) Magepokan kaliyan sesambetaning manungsa kaliyan sesami; (b) Magepokan kaliyan sesambetanipun manungsa kaliyan sesami saha (c) Magepokan kaliyan sesambetanipun manungsa kaliyan alam.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | hermeneutik, istilah-istilah kultur jawa, pengakuan pariyem |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 04 Jun 2015 04:57 |
Last Modified: | 29 Jan 2019 23:11 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19956 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |