PIWULANG MORAL DONGENG SATO KEWAN EDISI REVISI 2010 ANGGITANIPUN IRWAN SUDJONO

Kusumaningrum, Kinanti (2014) PIWULANG MORAL DONGENG SATO KEWAN EDISI REVISI 2010 ANGGITANIPUN IRWAN SUDJONO. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Kinanti Kusumaningrum 10205241005.pdf

Download (32MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken wosing piwulang moral ing buku dongeng sato kewan edisi revisi 2010 anggitanipun Irwan Sudjono, ngandharaken jinising piwulang moral ing buku dongeng sato kewan edisi revisi 2010 anggitanipun Irwan Sudjono, saha maparaken caranipun ngandharaken piwulang moral ing buku dongeng sato kewan edisi revisi 2010 anggitanipun Irwan Sudjono. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud ukara saha paragraf. Sumber datanipun inggih menika buku dongeng sato kewan edisi revisi 2010 anggitanipun Irwan Sudjono. Cara kangge manggihaken data inggih menika kanthi teknik maos, nemtokaken unit analisis saha panyeratan data. Data dipunanalisis kanthi cara deskriptif inggih menika panaliti ndeskrepsekaken jinis, wujud, saha cara ngandharaken piwulang moral ing buku dongeng sato kewan edisi revisi 2010. Keabsahan data menika ngginakaken reliabilitas intrarater saha interater. Wosing piwulang moral sambetipun manungsa dhumateng Gusti antawisipun pasrah, mertobat. Sambetipun manungsa kaliyan dhirinipun piyambak antawisipun sapa gawe nganggo sapa nandur ngundhuh, sugih rekadaya, aja rumangsa bisa nanging bisaa rumangsa, aja adigang adigung adiguna, precaya dhiri, angon mangsa, waspada, boten kenging murka. Sambetipun manungsa kaliyan lingkungan alam inggih menika boten ngrisak lingkungan. Sambetipun manungsa kaliyan manungsa antawisipun tulungtinulung, gumatos, boten kenging mentingaken kepentingan pribadi, boten kenging nyacad liyan, sapa salah seleh, boten kenging gampil kebrongot manahipun, boten kenging drengki saha meri, kedah samadya, kedah gadhah unggah-ungguh, aja adigang adigung adiguna, boten kenging waton ngendika, boten kenging sewenang-wenang, ana rembug becik dirembug, ana sethithik didum sethithik ana akeh didum akeh, kedah jatmika, aja ngewak-ewakake, sugih rekadaya, waspada, sapa gawe nganggo sapa nandur ngundhuh, boten kenging selak. Cara ngandharaken piwulang moral ing panaliten menika karembag kanthi cara langsung saha boten langsung.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: piwulang moral, sato kewan
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 04:51
Last Modified: 29 Jan 2019 23:10
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19952

Actions (login required)

View Item View Item