MEDIA PASINAON MAOS AKSARA JAWA KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS3

Widodo, Iriana Famuji (2014) MEDIA PASINAON MAOS AKSARA JAWA KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS3. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Iriana Famuji Widodo 10205244001.pdf

Download (26MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika: (1) ngandharaken tahap-tahap anggenipun damel media pasinaon maos aksara Jawa kanthi Aplikasi Adobe Flash Cs3 menika; (2) ngandharaken evaluasi kualitas media pasinaon maos aksara Jawa dening dosen ahli materi saha dosen ahli media; (3) ngandharaken pamanggihipun guru basa Jawi saha para siswa kelas VIII tumrap kualitas media pasinaon maos aksara Jawa. Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (R&D). Tahap-tahap ingkang kedah dipunlampahi wonten ing panaliten inggih menika (1) tahap analisis, (2) tahap desain media, (3) tahap damel media, (4) tahap validasi saha ujicoba, (5) tahap pungkasaning media. Produk media pasinaon maos aksara Jawa kanthi Aplikasi Adobe Flash Cs3 menika dipun-evaluasi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media mawi validasi ngantos pikantuk kualitas media ingkang sae saha layak dipun-ujicobakaken wonten ing sekolah. Salajengipun dipunlampahi pambiji dening guru basa Jawi sarta ujicoba media dhateng pamanggihipun siswa. Cara ngempalaken data wonten ing panaliten menika ngginakaken angket. Cara nganalisis data saking evaluasi media pasinaon saha pamanggih siswa kanthi analisis deskriptif. Asiling validasi kualitas media pasinaon maos aksara Jawa kanthi aplikasi Adobe Flash Cs 3 menika nedahaken bilih media saged dipunginakaken minangka piranti piwulangan nwonten ing kelas menapadene sinau mandhiri wonten ing griya. Dosen ahli materi pikantuk persentase 93,25% menika kagolong wonten ing kategori sae sanget. Biji kualitas media saking dosen ahli media pikantuk persentase 92,56% menika kagolong wonten ing kategori sae sanget. Pambiji kualitas media dening guru basa Jawi pikantuk persentase 88% ingkang kagolong wonten ing kategori sae sanget. Biji adhedhasar saking saking pamanggih sedaya siswa tumrap media pasinaon maos aksara Jawa pikantuk persentase 85,76% menika kagolong wonten ing kategori sarujuk sanget.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: maos, adobe flash CS3
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 04:48
Last Modified: 29 Jan 2019 23:10
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19950

Actions (login required)

View Item View Item