Setiyono, Heri (2014) KAWRUH KAUTAMEN ING SALEBETING SENI SANDHUL SEKAR KALI SUCI DESA SUCEN KECAMATAN GEMAWANG. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Heri Setiyono 09205244078.pdf Download (11MB) | Preview |
Abstract
Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken Kawruh kautamen wonten ing salebeting seni Sandhul Sekar Kali Suci Desa Sucen Kecamatan Gemawang makna simbolik sesaji saha piranti ingkang wonten ing Seni Sandhul Sekar Kali Suci. Panaliten menika migunakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data ing salebeting panaliten menika migunakaken observasi partisipasi saha wawancara mendalam. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu mawi piranti perekam, kamera foto saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken inggih menika teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data lumantar triangulasi sumber lan metode. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) Asal-usul Seni Sandhul Sekar Kali Suci inggih menika nyariyosaken Kyai Balahum ingkang sabar, wicaksana saha solah bawanipun sae. Salah satunggaling dinten Kyai Balahum dipunuji imanipun dumateng Allah swt inggih menika Kyai Balahum ical saha nyariyosaken Kyai Balahum dakwah ginakaken Seni ingkang dipunwastani seni Sandhul Sekar Kali Suci. (2) Prosesi pentas Seni Sandhul Sekar Kali Suci kaperang dados 2 tahap : (a) cecawis pentas Seni ingkang awujud rapat panitia pentas, reresik Kali Suci, cecawis papan pentas saha cecawis sesaji pentas Seni Sandhul Sekar Kali Suci. (b) pentas Seni Sandhul Sekar Kali Suci. (3) Makna simbolik wonten ing piranti-piranti ingkang dipunginakaken nalika pentas Seni Sandhul Sekar Kali suci. (4) Makna simbolik sesaji ingkang dipunginakaken ing salebeting pentas Seni Sandhul Sekar Kali Suci inggih menika piwulang kautamen bab gesangipun manungsa tumrap Agama Islam.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | sandhul sekar kali suci |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 04 Jun 2015 04:45 |
Last Modified: | 29 Jan 2019 23:10 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19948 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |