Siroma, Hani Anas (2014) SINESTESIA BASA JAWI WONTEN ING NOVEL CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Hani Anas Siroma 10205244065.pdf Download (3MB) | Preview |
Abstract
Ancasing panaliten menika, inggih menika (1) kangge ngandharaken jinis sinestesia ingkang dipunginakaken wonten ing novel Cintrong Paju-Pat anggitanipun Suparto Brata; (2) ngandharaken makna sinestesia wonten ing novel Cintrong Paju-Pat anggitanipun Suparto Brata; (3) ngandharaken fungsi sinestesia ingkang wonten ing novel Cintrong Paju-Pat anggitanipun Suparto Brata. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif. Sumber data panaliten menika, inggih menika novel Cintrong Paju-Pat anggitanipun Suparto Brata. Data panaliten awujud jinis, makna saha fungsi sinestesia basa Jawi. Teknik pangempalan data dipunpikantuk kanthi cara maos saha nyathet. Wondene teknik analisis data ngginakaken analisis deskriptif. Keabsahan data dipunpikantuk mawi validitas semantik kontekstual saha reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten inggih menika: jinising sinestesia saking novel Cintrong Paju-Pat anggitanipun Suparto Brata awujud: (1) sinestesia saking indra peraba ing indra pendengaran, (2) sinestesia saking indra peraba ingindra penglihatan, (3) sinestesia saking indra perasa ing indra pendengaran, (4) sinestesia saking indra perasa ing indra penglihatan, (5) sinestesia saking indra pendengaran ing indra peraba, (6) sinestesia saking indra penglihatan ing indra pendengaran, (7) sinestesia saking indra pembau ing indra penglihatan, (8) sinestesia saking indra perasa ing indra pembau, saha (9) sinestesia saking indra pembau ing indra pendengaran. Makna sinestesia ingkang wonten ing novel Cintrong Paju-Pat anggitanipun Suparto Brata ing antawisipun inggih menika: (1) makna afektif, saha (2) makna referensial. Fungsi sinestesia ing antawisipun inggih menika: (1) kangge ngalusaken makna supados langkung sopan, (2) ngasaraken makna kangge nedahaken raos duka dhateng tiyang sanes, (3) nedahaken raos sarujuk utawi boten sarujuk dhateng tiyang sanes, (4) nedahaken raos remen utawi boten remen (5) nyangetaken wosing tuturan, saha (6) ngendahaken wosing tuturan.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | sinestesia, novel, cintrong paju-pat |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 04 Jun 2015 04:41 |
Last Modified: | 29 Jan 2019 23:10 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19947 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |