TEORI FUNGSI, LINGKUNGAN TINDAKAN, CARA NEPANGAKEN PARAGA, SAHA SKEMA STRUKTUR DENING VLADIMIR PROPP ING DONGENG AJISAKA SAHA KI AGENG SELA

Pratomo, Gunadi (2014) TEORI FUNGSI, LINGKUNGAN TINDAKAN, CARA NEPANGAKEN PARAGA, SAHA SKEMA STRUKTUR DENING VLADIMIR PROPP ING DONGENG AJISAKA SAHA KI AGENG SELA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Gunadi Pratomo 10205244006.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken fungsi, lingkungan tindakan, cara nepangaken paraga, saha skema struktur ing dongeng Ajisaka saha Ki Ageng Sela anggitanipun Ki Hadisukatno. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud tembung, frasa, saha ukara. Sumbering data kapundhut saking cariyos Ajisaka saha Ki Ageng Sela salebeting buku Kumpulan Dongeng Ajisaka anggitanipun Ki Hadisukatno. Cara ngempalaken data kanthi teknik maos lan nyathet. Pirantining panaliten inggih menika panaliti. Caras bganalisis data migunakaken teknik analisis deskriptif kanti pendekatan objektif ingkang dipunbiyantu kaliyan tabel analisis. Wondene cara ngesahaken data menika migunakaken validitas semantik saha reliabilitas kanthi maos makaping-kaping. Asiling panaliten kados mekaten. Dongeng Ajisaka ngewrat 18 fungsi kanthi umum antawisipun 1) kejahatan, 2) perintah/larangan, 3) perintah dipatuhi/ dilanggar, 4) peristiwa penghubung, 5) keberangkatan, 6) perpindahan tempat, 7) reaksi pahlawan, 8) informasi, 9) penetralan (tindakan) dimulai, 10) pengejaran, 11) tipu daya, 12) keterlibatan, 13) unsur magis, 14) kebutuhan terpenuhi, 15) kemenangan, 16) hukuman bagi penjahat, 17) penjelmaan, 18) naik tahta. Dongeng Ki Ageng Sela ngewrat 16 fungsi kanthi umum antawisipun 1) datang tak terkenali, 2) reaksi pahlawan, 3) penjelmaan, 4) penyingkapan tabir, 5) kejahatan, 6) pengejaran, 7) informasi, 8) kemenangan, 9) perpindahan tempat, 10) perintah/larangan, 11) perintah dipatuhi/pelanggaran, 12) hukuman bagi penjahat, 13) peristiwa penghubung, 14) penyelamatan, 15) kebutuhan terpenuhi, 16) kepulangan. Sedaya fungsi ing kekalih cariyos kalebet ing sekawan lingkungan tindakan ingkang sami. Antawisipun lingkungan aksi penjahat, aksi pembantu, aksi perantara, saha aksi pahlawan. Sedaya paraga ing kekalih cariyos dipuntepangaken kanthi cara ingkang beda-beda. Skema struktur ing kekalih cariyos dipunwastani songsang.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: teori fungsi, lingkungan tindakan, dongeng
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 04:38
Last Modified: 29 Jan 2019 23:10
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19946

Actions (login required)

View Item View Item