STRUKTURALISME ING SALEBETIPUN CARIYOS RAKYAT PANJI JAYENG TILAM ANGGITANIPUN IGNATIA SRI SUMIRAH

Fitriyani, Dwi Kusuma (2014) STRUKTURALISME ING SALEBETIPUN CARIYOS RAKYAT PANJI JAYENG TILAM ANGGITANIPUN IGNATIA SRI SUMIRAH. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Dwi Kusuma Fitriyani 10205244070.pdf

Download (8MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken unsur-unsur struktural saha gegayutan antawisipun unsur-unsur struktural ingkang wonten ing salebetipun cariyos rakyat kanthi irah-irahan PJT anggitanipun Ignatia Sri Sumirah. Wujud panaliten inggih menika kanthi nganalisis saha ngandharaken perkawis-perkawis ingkang dipuntaliti menika. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif kualitatif. Pendekatan ingkang dipunginakaken inggih menika pendekatan objektif. Wondene cara anggenipun ngempalaken data kanthi cara maos saha nyerat. Pirantining panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika kertu data. Data ingkang sampun dipunpanggihaken menika lajeng dipunanalisis kanthi ngginakaken analisis deskriptif kualitatif. Cara ngesahaken data ing panaliten menika kanthi validitas semantis, reliabilitas intrarater saha reliabilitas interater. Asiling panaliten menika nedahaken bilih unsur-unsur struktural ingkang saged dipunmangertosi saking cariyos rakyat PJT: (1) Temanipun ing antawisipun inggih menika: katresnan antawisipun pria kaliyan wanita ingkang sampun palakrama nanging kapisahaken amargi wonten wanita sanes ingkang tresna kaliyan salah satunggalipun pasangan. Ing pungkasan, kekalihipun menika saged pepanggihan malih. Tema katresnanipun tiyang sepuh marang putranipun, katresnan marang sedherek, katresnan jati ingkang boten kalairaken, saha tema balas dhendham. (2) Alur ingkang dipunginakaken ing cariyos rakyat PJT menika kalebet alur campuran. (3) Penokohan ingkang wonten ing salebetipun cariyos rakyat PJT menika maneka warni. (4) Latar papanipun menika ing antawisipun inggih menika nagari Jenggala, Padhepokan Pucangan ing Gunung Selamangleng, Nagari Purwakencana (Parangkencana), tanah Jawi, saha Padhepokanipun Resi Purwajati. Latar sosialipun ing antawisipun inggih menika latar sosial minangka wayahipun raja, raja, prameswari, wiku putri, putraning raja, resi, prajurit, patih, emban/parekan cantrik, abdi saha mantri. Latar wekdal ingkang kapanggihaken ing antawisipun inggih menika wayah dalu, wayah enjing, saha wayah sonten. (5) Sudut pandang ingkang dipunginakaken dening pengarang inggih menika sudut pandang diaan-mahatahu. (6) Lelewaning basa bandhingan ingkang kapanggihaken ing antawisipun inggih menika lelewaning basa simile, metafora, personifikasi, pleonasme, perifrasis, saha prolepsis. (7) Cariyos menika dipunsukani irah-irahan Panji Jayeng Tilam amargi tegesipun “jaya ing tilam”, “begja ing pasarean”, perkawis ingkang jumbuh kaliyan isinipun cariyos Panji Jayeng Tilam menika. (8) Sedaya unsur intrinsik ing salebetipun PJT menika sesambetan mujudaken satunggalipun karya sastra kanthi irah-irahan Panji Jayeng Tilam.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: strukturalisme, cariyos rakyat, panji jayeng tilam
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 04:34
Last Modified: 19 Oct 2020 06:39
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19945

Actions (login required)

View Item View Item