TINGKAT KESOPANAN WONTEN ACARA LANGENSWARA JOGJA TV

Nilasari, Betika Windi (2014) TINGKAT KESOPANAN WONTEN ACARA LANGENSWARA JOGJA TV. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Betika Windi Nilasari 10205244074.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika njlentrehaken 1) tuturan ingkang jumbuh kaliyan prinsip kesopanan, saha 2) tuturan ingkang nyebal saking prinsip kesopanan wonten acara Langenswara Jogja TV. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud tuturan lisan saha patrapipun panutur. Sumber data-nipun, para panutur salebeting rekaman acara Langenswara Jogja TV minggu kaping pisan wulan Desember 2013. Caranipun ngempalaken data kanthi metode simak, teknik SBLC, sarta teknik catat. Data dipunanalisis kanthi metode padan pragmatis saha ngginakaken teknik PUP. Panaliten menika ugi ngginakaken teknik lanjutan kados teknik HBS, teknik HBB, sarta teknik HBSP. Asiling analisis data dipunandharaken kanthi informal. Caranipun manggihaken validitas data ngginakaken triangulasi teori saha pamanggihipun para ahli, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten inggih menika kapanggihaken tuturan ingkang jumbuh saha nyebal saking prinsip kesopanan. Wosipun tuturan ingkang jumbuh kaliyan maksim kawicaksanan inggih menika panutur nyumanggakaken mitra tutur. Maksim kamirahan, panutur nindakaken menapa ingkang dipunkersakaken mitra tutur, ngaturaken samal khas, ngintunaken salam saking mitra tutur, sarta damel sekecaning mitra tutur. Maksim pangalembana, panutur gumun dhateng mitra tutur, caos tepuk tangan, sarta ngandharaken kesaean mitra tutur. Maksim andhap asor, panutur ngaturaken panuwun dhateng mitra tutur saha ngandhapaken prakawis ingkang gegayutan kaliyan panutur. Maksim sarujuk, panutur sarujuk kaliyan menapa ingkang dipunajap mitra tutur. Maksim tepa selira, panutur ndherek ngraosaken kawontenanipun mitra tutur. Wosipun tuturan ingkang nyebal saking maksim kawicaksanan inggih menika panutur ndhawuhi mitra tutur saha guyonan kaliyan mitra tutur. Maksim kamirahan, panutur damel gelanipun mitra tutur saha guyonan kaliyan mitra tutur. Maksim pangalembana, panutur boten ngregani upayanipun mitra tutur saha guyonan kaliyan mitra tutur. Maksim andhap asor, panutur nginggilaken prakawis ingkang gegayutan kaliyan panutur saha guyonan kaliyan mitra tutur. Maksim sarujuk, panutur guyonan kaliyan mitra tutur saha pados informasi sanes. Maksim tepa selira, panutur guyonan kaliyan mitra tutur. Pangucap-patrap ingkang dipunginakaken kados alus saha sopan, kasar nanging sopan, alus nanging boten sopan, sarta kasar saha boten sopan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: kesopanan, langenswara jogja tv
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 04:31
Last Modified: 29 Jan 2019 23:10
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19943

Actions (login required)

View Item View Item