RELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG

Elatifah, Anisa (2014) RELIGIUSITAS ISLAM ING CAKEPAN SEKAR BUGIE ALBUM KELAYUNG-LAYUNG. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Anisa Elatifah 10205244044.pdf

Download (5MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika inggih kangge ngandharaken dhasaripun wujudwujud religiusitas Islam ing cakepan sekar Bugie Album Kelayung-layung dipuntingali saking Kitab Suci Al-Qur’an menapa dene sunnah Nabi Muhammad salallahu ‘alaihiwassalam ingkang kawastanan Hadits. Data panaliten inggih menika wujud religiusitas Islam ing cakepan Sekar Bugie Album Kelayung-layung ingkang kaserat wonten ing kertu data. Data panaliten dipunkempalaken ngginakaken metode simak catat, kanthi tahap (1) mirengaken Sekar Bugie Album Kelayung-layung kanthi premati, (2) nyerat cakepan Sekar Bugie Album Kelayung-layung saking CD ingkang dipunputer, (3) paring tandha dhateng cakepan Sekar Bugie Album Kelayung-layung ingkang gayut kalihan wujud religiusitas Islam, (4) nglebetaken data ingkang awujud religiusitas Islam wonten ing kertu data ingkang sampun dipuncawisaken, (5) manggihaken dhasaripun wujud religiusitas Islam wonten ing Al-Qur’an, manawi boten wonten lajeng manggihaken ing Hadits. Data ingkang kapanggihaken lajeng dipunanalisis kanthi teknik analisis deskriptif. Caranipun ngesahaken data ing panaliten menika mawi validitas semantik saha reliabilitas intrarater. Asiling panaliten menika nedahaken bilih wujud religiusitas Islam ingkang wonten salebeting cakepan sekar Bugie Album Kelayung-layung kadosta Gusti Allah Ingkang Murbeng Dumadi, Gusti Allah Maha Tunggal, sangkan paraning dumadi, karyenak tyasing sesami, ngundhuh wohing pakarti, sholat, siyam, tulung tinulung, andhap asor, mampir ngombe, ajining awak gumantung ana ing tumindak, memayu hayuning bawana, saha sanes-sanesipun. Sedaya wujud religiusitas menika nggadhahi dhasar wonten salebeting Al-Qur’an utawi Hadits ingkang minangka dalil naqli sumberipun piwulang agami Islam.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: religiusitas, kelayung-layung
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 03:34
Last Modified: 19 Oct 2020 05:52
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19931

Actions (login required)

View Item View Item