MAKSIM KEMURAHAN WONTEN ING CRITA SAMBUNG SALEBETING KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI JANUARI-AGUSTUS 2013

Irfiani, Anatika Vivin (2014) MAKSIM KEMURAHAN WONTEN ING CRITA SAMBUNG SALEBETING KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI JANUARI-AGUSTUS 2013. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Anatika Vivin Irfiani 10205244060.pdf

Download (4MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika, inggih menika ngandharaken fungsi panganggening maksim kemurahan saha fungsi penyimpangan maksim kemurahan wonten ing crita sambung salebeting kalawarti Djaka Lodang edisi Januari-Agustus 2013. Wonten panaliten menika ugi ngandharaken wosing tuturan ingkang dipuntingali saking fungsi basa ingkang dipunginakaken. Panaliten menika ngginakaken pendekatan deskriptif. Data panaliten menika awujud tuturan saking paraga ingkang ngginakaken maksim kemurahan saha ingkang nyimpang saking maksim kemurahan. Sumber data saking panaliten menika, inggih menika Crita sambung salebeting Djaka Lodang edisi Januari- Agustus 2013 kanthi irah-irahan Tresna Ngumbara anggitanipun Itheng Sulistyawati, Kembang Kertas anggitanipun Ariesta Widya saha Lintang-lintang dadi seksi anggitanipun Sawitri. Anggenipun ngempalaken data dipuntindakaken dening panaliti piyambak kanthi kartu data ingkang dados piranti pambiyantunipun. Data panaliten dipunkempalaken kanthi ngginakaken teknik maos saha nyerat. Analisis data ingkang dipunginakaken wonten panaliten menika, inggih menika analisis deskriptif. Asiling panaliten menika, fungsi panganggening maksim kemurahan wonten ing Crita Sambung salebeting kalawarti Djaka Lodang Edisi Januari-Agustus 2013 inggih menika fungsi personal (panutur nglairaken raos kuciwa); fungsi interpersonal (panutur nglairaken raos tresna, raos kuwatos, raos tanggel jawab, raos kurmat, raos tepa slira); fungsi direktif (panutur suka pamrayogi saha mrentah dhateng mitra tutur); saha fungsi referensial (panutur nyariyosaken satunggaling kahanan). Wondene fungsi penyimpangan maksim kemurahan wonten ing Crita Sambung salebeting kalawarti Djaka Lodang Edisi Januari–Agustus 2013 ngginakaken fungsi personal (nglairaken raos umuk, raos duka, raos kangen, raos bingah); fungsi direktif (panutur nyuwun, mrentah saha suka pamrayogi dhateng mitra tutur); saha fungsi referensial (panutur nyariyosaken satunggaling objek).

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: maksim kemurahan, crita sambung, djaka lodang
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 03:28
Last Modified: 29 Jan 2019 23:09
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19929

Actions (login required)

View Item View Item