PIWULANG MORAL ING LAMPAHAN RINGGIT “LAMPAHAN BRATAYUDA-III RANJAPAN PEJAHIPUN ANGKAWIJAYA ANGGITANIPUN KAMAJAYA SAHA U. J. KATIJO WP.”

Wakhyuni, Dwi (2014) PIWULANG MORAL ING LAMPAHAN RINGGIT “LAMPAHAN BRATAYUDA-III RANJAPAN PEJAHIPUN ANGKAWIJAYA ANGGITANIPUN KAMAJAYA SAHA U. J. KATIJO WP.”. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

Full text not available from this repository.

Abstract

Ancasing panaliten inggih menika: (1) ngandharaken wujuding piwulang moral, (2) ngandharaken jinising piwulang moral, saha (3) ngandharaken caranipun ngandharaken piwulang moral wonten ing lampahan ringgit kanthi irahirahan “Lampahan Bratayuda-III Ranjapan Pejahipun Angkawijaya Anggitanipun Kamajaya saha U. J. Katijo Wp.” Panaliten menika kanthi metode deskripsi tumrap piwulang moral-ipun. Data ing panaliten menika awujud tembung, frasa, ukara, saha paragraf. Dene sumber data-nipun inggih menika lampahan ringgit kanthi irah-irahan “Lampahan Bratayuda-III Ranjapan Pejahipun Angkawijaya Anggitanipun Kamajaya saha U. J. Katijo Wp.”. Data kakempalaken kanthi migunakaken teknik maos saha cathet. Kanthi pambiyantuning kartu data, data dipun-klasifikasi-kaken dados 3 werni inggih menika: wujuding piwulang moral, jinising piwulang moral, saha cara ngandharaken piwulang moral, sarta dipun-analisis kanthi deskriptif. Pengesahan data panaliten kanthi ngginakaken validitas semantis saha reliabilitas pengamatan ulang utawi stabilitas (intrarater). Salajengipun, kanthi panaliten menika kapanggihaken: (1) wujud piwulang moral gayutanipun manungsa kaliyan Gusti Allah, antawisipun pitados dhateng pepesthen, donga panyuwunan, sukur, pasrah, mituhu, eling, tansah kaluberan berkah, (2) wujud piwulang moral gayutanipun manungsa kaliyan sasami manungsa, antawisipun boten kenging srakah, sagah ambelani kulawarga, bangsa, lan nagari, enget kabecikanipun tiyang sanes, ana rembug becik dirembug, tut wuri handayani, kedah gadhah unggah-ungguh, kedah siyaga, sendika ing dhawuh, aja adigang adigung adiguna, gumatos, kedah imbang, tanggap ing sasmita, betah pambiyantuning sanes, boten kenging curang, aja mung melik gebyar, angon mangsa, tresna asih, boten waton ngendika, kedah paring pitutur, tepa slira, (3) wujud piwulang moral gayutanipun manungsa kaliyan alam, antawisipun boten kenging ngrisak alam, saha (4) gayutanipun manungsa kaliyan dhiri piyambak, antawisipun kedah tatag, boten kenging sumelang & sedih, ayem tentrem, mawas dhiri, waskitha, manteb, trengginas, kendel, kedah sabar sareh, boten kenging cupet ing nalar, waspada, kedah gadhah gegayuhan, titen. Dene cara ngandharaken piwulang moral ing panaliten menika kanthi cara langsung saha cara boten langsung.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: piwulang moral , cariyos lampahan ringgit “Lampahan Bratayuda-III Ranjapan Pejahipun Angkawijaya
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Seni Rupa FBS
Date Deposited: 08 May 2015 04:00
Last Modified: 29 Jan 2019 22:12
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18392

Actions (login required)

View Item View Item