DAMEL MEDIA PEMBELAJARAN TETANEN MIGUNAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH CS6 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VIII

Nikmah, Wahyu Maghfirotun (2014) DAMEL MEDIA PEMBELAJARAN TETANEN MIGUNAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH CS6 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VIII. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Wahyu Maghfirotun N 10205244077.pdf

Download (22MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika, inggih menika: (1) ngandharaken tataran damel media pasinaon tetanen awujud aplikasi Adobe Flash CS6 Professional kangge siswa SMP kelas VIII; (2) ngandharaken kualitas media pasinaon tetanen awujud aplikasi Adobe Flash CS6 Professional dening dosen ahli materi saha dosen ahli media; (3) ngandharaken kualitas media pasinaon tetanen awujud aplikasi Adobe Flash CS6 Professional dening guru saha siswa minangka pengguna. Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (R&D), kanthi tataran (1) analisis, (2) desain media, (3) damel media, (4) validasi saha ujicoba. Produk media pasinaon menika dipunevaluasi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media mawi validasi ngantos pikantuk kualitas media ingkang sae saha layak dipunujicoba wonten ing sekolah. Salajengiun dipuntindakaken pambiji dening guru basa Jawi sarta ujicoba media dhateng siswa. Cara ngempalaken dhata ngginakaken angket. Cara nganalisis dhata ngginakaken analisis deskriptif. Asiling panaliten inggih menika: (1) media dipundamel kanthi tataran analisis, desain media, damel media, validasi saha ujicoba, (2) kualitas media dening dosen ahli materi ingkang kaperang dados kalih perangan pikantuk rata-rata persentase 85,7% ingkang kagolong sae sanget, kualitas media dening dosen ahli media pikantuk rata-rata persentase 85,34% ingkang kagolong sae sanget, saha (3) pambiji guru basa Jawi ngengingi media pikantuk rata-rata persentase 90% ingkang kagolong sae sanget, wondene asiling angket pamanggih siswa tumrap pangaggenipun media pasinan tetanen pikantuk rata-rata presentase 88,34% ingkang kagolong sarujuk sanget. Asiling panaliten menika nedahaken bilih media pasinaon tetanen migunakaken aplikasi Adobe Flash CS6 Professional menika sampun nyekapi sarat kualitas media ingkang sae, sarta saged narik kawigatosan siswa saha nggampilaken siswa nyinau materi tetanen.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: media pembelajaran, adobe flash CS6 professional
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 06 May 2015 03:39
Last Modified: 24 Sep 2020 04:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18225

Actions (login required)

View Item View Item