HUMOR DIALEK JAWA TIMURAN SALEBETING KEMPALAN VIDEO YOUTUBE ANGGITANIPUN BAYU SKAK

Septyanti, Surya Ayu (2014) HUMOR DIALEK JAWA TIMURAN SALEBETING KEMPALAN VIDEO YOUTUBE ANGGITANIPUN BAYU SKAK. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Surya Ayu Septyanti 10205244040.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken bab humor dialek Jawa Timuran salebeting kempalan video Youtube anggitanipun Bayu Skak. Perkawis ingkang badhe kaandharaken inggih menika; (1) wujud humor, (2) jinis humor, saha (3) fungsi humor. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika 15 video Youtube anggitanipun Bayu Skak. Datanipun arupi tembung, frasa, klausa, saha ukara awujud humor dialek Jawa Timuran. Cara ngempalaken data ing panaliten menika kanthi teknik nyemak saha nyathet. Data dipunanalisis kanthi teknik analisis awal (nyemak saha netepaken data ingkang kakempalaken lajeng nyatet ing kertu data) saha lanjutan (data dipunpantha-pantha miturut wujud, jinis, saha fungsinipun). Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantis, dene reliabilitasipun inggih menika reliabilitas intrarater. Asiling panaliten ngandharaken wujud humor ing panaliten menika wonten enem inggih menika, (1) humor plesetan, (2) humor malapropis, (3) humor silap lidhah, (4) humor jargon, (5) humor estetis, saha (6) humor konotatif. Humor plesetan gadhah jinis humor personal, humor seks, humor kiasan, humor teka-teki saha humor wantah, dene humor malapropis gadhah jinis humor singkatan, humor seks, saha humor paribasan. Humor silap lidhah ngemu jinis humor wantah saha humor boten edukatif, dene humor jargon humor sadhis saha humor teka-teki. Humor estetis gadhah jinis humor parikan saha humor politis, dene humor konotatif gadhah jinis humor boten edukatif, humor teka-teki, humor parikan, saha humor seks. Fungsi ingkang kapanggihaken salebeting humor personal kangge panglipur utawi rekreasi, caos kasadharan bilih tiyang sanes dereng temtu leres, ngandharaken perkawis ingkang ewet, caos panyaruwe utawi pesen, saha kangge kritik sosial. Humor malapropis gadhah fungsi kangge kritik sosial, panglipur utawi rekreasi, saha caos panyaruwe utawi pesen. Humor silap lidhah gadhah fungsi kangge panglipur utawi rekreasi, caos kasadharan bilih tiyang sanes dereng temtu leres, ngandharaken perkawis ingkang ewet, saha mujudaken kawicaksanan saha penyegaran. Humor jargon gadhah fungsi ngandharaken panyaruwe utawi pesen saha caos kasadharan bilih tiyang sanes dereng temtu leres. Wujud humor estetis gadhah fungsi kangge caos panyaruwe utawi pesen, panglipur saha rekreasi, saha kritik sosial.Humor konotatif gadhah fungsi kangge panglipur saha rekreasi, mujudaken kawicaksanan saha penyegaran, saha kritik sosial.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: humor, dialek, jawa, youtube
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 06 May 2015 03:36
Last Modified: 24 Sep 2020 04:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18224

Actions (login required)

View Item View Item