Tristianto, Primastyo Faris (2014) KRITIK SOSIAL ING WAYANG KAMPUNG SEBELAH KANTHI LAMPAHAN ATAS MENGGANAS BAWAH BERINGAS (KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Primastyo Faris Tristianto 10205244038.pdf Download (2MB) | Preview |
Abstract
Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken latar belakang sosial, jinising kritik saha caraning panganggit ngandharaken kritik ing wayang kampung sebelah kanthi lampahan atas mengganas bawah beringas. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif kualitatif. Data ing panaliten menika awujud dialog saha monolog. Sumbering data kapundhut saking video kaset wayang kampung sebelah kanthi lampahan atas mengganas bawah beringas. Cara ngempalaken data kanthi teknik nyimak saha nyathet. Pirantining panaliten inggih menika panaliti kabiyantu kalihan kartu data. Caraning analisis data migunakaken teknik analisis deskriptif ingkang dipunbiyantu kaliyan tabel analisis. Wondene cara ngesahaken data menika migunakaken validitas semantik saha reliabilitas kanthi nyimak makaping-kaping. Asiling panaliten kados mekaten. 1) Jinising kritik sosial ingkang dipunpanggihaken inggih menika a) kritik ig aspek politik b) kritik aspek ekonomi c) kritik aspek pendhidhikan d) kritik aspek sosial-budaya 2) Sipat ngandharaken kritik ingkang dipun panggihaken inggih menika a) kritik lugas b) kritik simbolis c) kritik sinis saha d) kritik humor . 3) Latar belakang sosial wayang kampung sebelah kanthi lampahan atas mengganas bawah beringas dipunpangaribawani kalihan kawontenan politik, ekonomi saha sosial masarakat ing Indonesia antawisipun a) kasus money politic b) kemiskinan saha ketimpangan ekonomi, c) Pejabat ing Indonesia ingkang boten amanah d) kasus putus sekolah e) rakyat ingkang boten pitados kalihan pejabat.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | wayang kampung sebelah, sosiologi sastra |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 06 May 2015 03:33 |
Last Modified: | 29 Jan 2019 22:05 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18222 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |