RITUAL JAMASAN WONTEN ING PAGUYUBAN PENGHAYAT KEPERCAYAAN TERHADAP TUHAN YANG MAHA ESA SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU

Wibowo, Nur Afif (2014) RITUAL JAMASAN WONTEN ING PAGUYUBAN PENGHAYAT KEPERCAYAAN TERHADAP TUHAN YANG MAHA ESA SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Nur Afif Wibowo 10205241065.PDF

Download (11MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken (1) lampahing prosesi Ritual Jamasan wonten ing Paguyuban Penghayat Kepercayaan Terhadap Tuhan Yang Maha Esa Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu, (2) ngandharaken makna simbolik piranti jamasan, (3) ngandharaken paedah saking upacara Ritual Jamasan. Panaliten menika kalebet jinis panaliten kualitatif. Cara ingkang kaginakaken kangge ngempalaken data inggih menika kanthi migunakaken pengamatan berperan serta, wawancara mendalam saha dokumentasi. Piranti ingkang kaginakaken kangge ngempalaken data inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu migunakaken piranti kamera, hand phone, buku cathetan, lan laptop. Data dipunanalisis kanthi cara analisis induktif. Data dipunsahaken kanthi cara triangulasi data. Asiling panaliten menika nedahaken bilih (1) lampahing prosesi ritual dipunwiwiti saking cecawis piranti saha papan ingkang badhe dipunginakaken kangge Ritual Jamasan, salajengipun prosesi Ritual Jamasan dipuntindakaken lan dipunpungkasi kanthi meditasi, (2) piranti-piranti ingkang dipunginakaken wonten ing Ritual Jamasan menika nggadhahi simbol-simbol tartamtu ingkang gayut kaliyan pagesangan manungsa lan mujudaken panyuwuwunan saking tiyang ingkang nindakaken Ritual Jamasan menika, mliginipun tumrap warga Paguyuban Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu menapa dene masyarakat sanesipun, (3) ritual jamsan wonten ing Paguyuban Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu menika gadhah paedah tumrap warga paguyuban menapa dene masyarakat sanesipun ingkang arupi paedah spiritual, paedah sosial, saha paedah nguri-uri tradhisi.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: ritual jamasan, piranti, PSJHPD
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 06 May 2015 03:21
Last Modified: 29 Jan 2019 22:05
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18218

Actions (login required)

View Item View Item