KEBERMAKNAAN KONSTRUK SINTAKTIK DENING LARE TUNAGRAHITA SEDANG UMUR 17 TAHUN SLB-C, C1 YPAALB PRAMBANAN KLATEN

Anisya, Mita Nur (2014) KEBERMAKNAAN KONSTRUK SINTAKTIK DENING LARE TUNAGRAHITA SEDANG UMUR 17 TAHUN SLB-C, C1 YPAALB PRAMBANAN KLATEN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Mita Nur Anisya 10205244030.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken kalih perkawis. Kalih perkawis kasebat inggih menika; (1) konstruk sintaktik tuturan ingkang dipunucapaken lare tunagrahita sedang umur 17 tahun SLB-C, C1 YPAALB Prambanan Klaten, (2) makna sintaktik tuturan ingkang dipunucapaken lare tunagrahita sedang umur 17 tahun SLB-C, C1 YPAALB Prambanan Klaten. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika tuturan lare tunagrahita sedang umur 17 tahun SLC-C, C1 YPAALB Prambanan Klaten. Datanipun wujud konstruk ukara ingkang kaucapaken dening lare tunagrahita sedang umur 17 tahun SLC-C, C1 YPAALB Prambanan Klaten. Cara ngempalaken data ing panaliten menika kanthi wawan pirembagan saha ngrekam. Data dipunanalisis kanthi analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantis, dene reliabilitasipun inggih menika reliabilitas intrarater. Asiling panaliten ngandharaken konstruk sintaktik ing panaliten menika wonten sekawan inggih menika, (1) awujud frasa menika frasa katrangan (2) awujud klausa tunggal wujudipun antawisipun: a)ukara lamba, ukara tanduk cakrik ukara cariyos b) ukara lamba, ukara tanduk cakrik ukara pangajak c) ukara lamba, ukara tanduk cakrik ukara pakon d) ukara lamba, ukara tanduk cakrik ukara panyuwun e) ukara lamba, ukara bawa cakrik ukara cariyos f) ukara lamba, ukara bawa cakrik ukara pitakon g) ukara lamba, ukara tanggap cakrik ukara cariyos, (3) awujud kalih klausa wujudipun antawisipun: a)ukara camboran sungsun, ukara tanduk cakrik ukara cariyos, b) ukara camboran sungsun, ukara tanduk cakrik ukara panyuwun, c) ukara camboran raketan, ukara bawa cakrik ukara cariyos, d) ukara camboran sungsun, ukara tanduk cakrik ukara cariyos (4) awujud tigang klausa wujudipun ukara camboran sungsun, ukara tanduk cakrik ukara cariyos. Makna sintaktik ingkang kapanggihaken menika boten gadhah makna saha gadhah makna.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: sintaktik, tunagrahita
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 06 May 2015 03:17
Last Modified: 02 Oct 2020 08:24
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18217

Actions (login required)

View Item View Item