Mahmudah, Miftah Musyiroh (2014) KALEPATAN PELAFALAN FONEM BASA JAWI BAKU DENING MAHASISWA PRODI PENDHIDHIKAN BASA JAWI ANGKATAN 2010 FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA SAKING PURBALINGGA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Miftah Musyiroh Mahmudah 10205241067.pdf Download (1MB) | Preview |
Abstract
Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken pelafalan fonem basa Jawi baku ingkang lepat dening mahasiswa Prodi Pendhidhikan Basa Jawi angkatan 2010 FBS, UNY saking Purbalingga. Bab punika ngrembag mapanipun kalepatan fonem basa Jawi baku saha perkawis ingkang ndayani kalepatan pelafalan fonem basa Jawi baku dening mahasiswa Prodi Pendidikan Basa Jawi angkatan 2010 FBS, UNY saking Purbalingga. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif. Subjek panaliten inggih punika mahasiswa Prodi Pendhidhikan Basa Jawi angkatan 2010, FBS, UNY saking Purbalinga cacahipun gangsal mahasiswa. Wujudipun data inggih punika kalepatan pelafalan fonem basa Jawi baku dening mahasiswa Prodi Pendidikan Basa Jawi angkatan 2010 FBS, UNY saking Purbalingga. Cara ngempalaken data ngginakaken teknik simak, sadhap, ngrekam, saha wawanpirembagan wonten ing kampus, perpustakaan, saha kos. Validitas data ngginakaken triangulasi teori, dene reliabilitas data ngginakaken reliabilitas sumber. Asiling panaliten nedahaken bilih mahasiswa Prodi Pendidikan Basa Jawi angkatan 2010 FBS, UNY saking Purbalingga taksih ngalami kalepatan pelafalan fonem basa Jawi baku. Kalepatanipun arupi kalepatan pelafalan fonem, tambahing fonem, saha sudaning fonem. Kalepatan pelafalan fonem vokal wujudipun fonem /a/, /ɔ/, /i/, /u/, saha /o/. Mapanipun ing wanda menga, madyaning tembung, saha wanda sigeg. Kalepatan pelafalan fonem konsonan wujudipun fonem /d/, /g/, /k/, saha /ṭ/. Mapanipun ing wiwitaning tembung kaliyan pungkasaning tembung. Kalepatan pelafalan fonem semi-vokal wujudipun fonem /w/ kaliyan /y/. Mapanipun ing wiwitaning wanda kaping kalih kaliyan madyaning tembung. Kalepatan tambahing fonem vokal wujudipun fonem /a/ ingkang mapan ing wanda menga. Kalepatan tambahing fonem konsonan wujudipun fonem /h/, /n/, saha /p/ ingkang mapan ing wiwitaning tembung kaliyan pungkasaning tembung. Kalepatan tambahing glottal stop ingkang mapan ing pungkasaning fonem /a/, /ɔ/, /i/, saha /e/. Kalepatan sudaning fonem /a/ ingkang mapan ing pungkasaning wanda kapisan. Kalepatan sudaning fonem konsonan wujudipun fonem /k/ saha /n/ mapanipun ing wanda sigeg kaliyan wiwitaning tembung. Saking asiling wawanpirembagan, perkawis ingkang ndayani kalepatan inggih punika kirangipun nguwaosi fonem basa Jawi baku, taksih kadayan saking dialek Banyumasan, kirang praktek, saha pakulinan.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | pelafalan fonem |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 06 May 2015 03:14 |
Last Modified: | 24 Sep 2020 04:13 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18215 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |