BEDANIPUN ASILING PASINAON NGGINAKAKEN MODEL PASINAON MAKE A MATCH KALIYAN MODEL PASINAON EXAMPLE NON EXAMPLE WONTEN KATRAMPILAN NYERAT UKARA MAWI AKSARA JAWA TUMRAP SISWA KELAS VII SMP N 1 KLATEN

Purnamasari, Herlyn Yunita (2014) BEDANIPUN ASILING PASINAON NGGINAKAKEN MODEL PASINAON MAKE A MATCH KALIYAN MODEL PASINAON EXAMPLE NON EXAMPLE WONTEN KATRAMPILAN NYERAT UKARA MAWI AKSARA JAWA TUMRAP SISWA KELAS VII SMP N 1 KLATEN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Herlyn Yunita Purnamasari 09205244005.pdf

Download (42MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika ancasipun kangge ngandharaken bedanipun asiling pasinaon ngginakaken model pasinaon make a match kaliyan model example non example wonten katrampilan nyerat ukara mawi aksara Jawa tumrap siswa kelas VII SMP N 1 Klaten. Panaliten menika mujudaken panaliten kuantitatif. Desain panaliten ingkang dipunginakaken wonten panaliten menika quasi eksperimental design. Variabel independen ingkang dipunginakaken inggih menika model pasinaon make a match kaliyan model pasinaon example non example. Variabel dependen-ipun katrampilan nyerat ukara mawi aksara Jawa. Populasi panaliten menika siswa kelas VII SMP N 1 Klaten. Adhedhasar simple random sampling, sample ingkang kapilih inggih menika kelas VIID minangka kelas make a match saha kelas VIIE minangka kelas example non example. Validitas instrument panaliten menika ngginakaken validitas isi. Reliabilitas instrument ngginakaken rumus Alpha Cronbach tumrap soal mengalihtuliskan kaliyan rumus KR-20 tumrap soal menjodohkan. Teknik analisis data ngginakaken uji-t. Asilipun panaliten menika dipunandharaken adhedhasar asiling uji-t data posttest kelas eksperimen. Asiling uji-t inggih menika nilai t = - 0,966 kanthi taraf signifikansi 0,05. P= 0,337, nilai P kasebut langkung ageng saking taraf signifikansi 0,05 pramila Ha boten dipuntampi. Andharan kasebut ateges boten wonten beda ingkang signifikan asiling pasinaon ngginakaken model pasinaon make a match kaliyan model pasinaon example non example wonten katrampilan nyerat ukara mawi aksara Jawa tumrap siswa kelas VII SMP N 1 Klaten.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: make a match, example non example
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 06 May 2015 03:10
Last Modified: 24 Sep 2020 04:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18214

Actions (login required)

View Item View Item