WUJUD, MOTIF SAHA CARA MUNGKASI TEMA SEKSUAL ING SALEBETING CERKAK DJAKA LODANG TAUN 1993 – 1994. Dening Dyah Arum Ratri NIM 10205244031 SARINING PANALITEN

Ratri, Dyah Arum (2014) WUJUD, MOTIF SAHA CARA MUNGKASI TEMA SEKSUAL ING SALEBETING CERKAK DJAKA LODANG TAUN 1993 – 1994. Dening Dyah Arum Ratri NIM 10205244031 SARINING PANALITEN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Dyah Arum Ratri 10205244031.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken tema seksualitas ingkang wonten ing salebeting cerkak Djaka Lodang taun 1993-1994. Wujud panaliten dipunrembag kanthi madosi wujudipun seksualitas, motif ingkang ndadosaken tuwuhipun tema seksualitas, kaliyan pungkasaning kadadosan awit sambetipun kaliyan tema seksualitas ing cerkak Djaka Lodang taun 1993-1994 kasebat. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif kanthi nindakaken analisis dhateng objek panaliten. Cara ngempalaken dhata kanthi cara maos saha nyerat. Pirantosing panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika kertu dhata. Dhata ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipunanalisis mawi cara etik. Caranipun ngesahaken dhata wonten panaliten menika mawi validitas semantis saha reliabilitas ketekunan pengamatan saha panyeratan. Asiling panaliten menika nedahaken : (1) wujud seksualitas wonten ing salebeting cerkak Djaka Lodang inggih menika seksual entheng saha awrat. Seksual entheng arupi ngesir, tindak kencan, mengkhayal, gandhengan asta, arasan entheng (palarapan, pangarasan), saha nyikep. Seksual awrat arupi cipokan, nyepeng utawi ngarasi perangan ingkang sensitif saking pacangan, nemplekaken alat kelamin, oral seks, saha senggama. (2) motif ingkang ndadosaken tuwuhipun tema seksualitas inggih menika motif dhasar saha motif sosial. Motif dhasar arupi raos tresna, kasepen saha kepuasan seksual, saha kemutan nalika ngaras garwanipun. Motif sosial arupi pepinginan gadhah pangkat amargi interaksi kaliyan perangkat desa, ngajak dhateng griyanipun sedherek, ngajak pitepangan kanthi pangajab saged gadhah sesambungan, kabetahan ekonomi, kejahatan amargi pengaruh lingkungan, gagaling bebrayan, raos tresna ing lingkungan pakaryan (kantor), paring tulung-pitulungan, saha pengaruh saking lingkungan pakaryan saha sesrawungan. (3) pungkasaning kadadosan awit sambetipun kaliyan tema seksualitas inggih menika medhotaken katresnan, ngandharaken raos tresna sarujuk badhe nerasaken sesambungan pacaran, dipunmangertosi dening garwanipun babagan sesambungan gendhakan, mungkasi tumindak dhemenan kanthi ndandani keimanan, paraga wanita duka lajeng ngajak kondur, dipunpungkasi awit mangertosi ingkang dipuntresnani menika PSK, nengenaken nurani nyingkiraken tumindak kanisthan, pepisahan lajeng kondur dhateng desa, rujuk (ngambali nikah malih), sarujuk badhe mungkasi sesambungan dhemenan, ngleresaken lepatipun panampi, saha dipunusir saking desanipun.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: cerkak, djaka lodang
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 06 May 2015 03:06
Last Modified: 29 Jan 2019 22:05
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18213

Actions (login required)

View Item View Item