KONFLIK SOSIAL WONTEN ING NOVEL CLEMANG-CLEMONG ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (KANTHI PENDEKATAN SOSIOLOGI SASTRA)

Anggraeni, Dhian Puspita (2014) KONFLIK SOSIAL WONTEN ING NOVEL CLEMANG-CLEMONG ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (KANTHI PENDEKATAN SOSIOLOGI SASTRA). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Dhian Puspita Anggraeni 10205244018.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika kanthi irah-irahan Konflik Sosial Wonten Ing Novel Clemang-Clemong Anggitanipun Suparto Brata (Kanthi Pendekatan Sosiologi Sastra) menika gadhah ancas (1) Manggihaken menapa kemawon konflik sosial ingkang wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto, (2) manggihaken menapa kemawon faktor ingkang dados sebabipun wonten konflik sosial wonten ing salebeting novel Clemang-Clemong anggitanipun Suparto Broto, (3) mangertosi sikap tokoh wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto nalika ngadepi konflik sosial. Jinising panaliten inggih menika panaliten kualitatif ingkang mangkih manggihaken data kanthi wujud deskriptif lan ngginaaken pendekatan sosiologi sastra. Sumber data ingkang dipunginaaken inggih menika Novel Clemang-Clemong. Caranipuun ngempalaken data ngginaaken teknik analisis maos saha nyerat. Pirantipun panaliten inggih menika kartu analisis data. Data ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipunanalisis kanthi analisis deskriptif. Caranipun ngesahaken data kanthi validitas semantik, wondene reliabilitas ingkang dipunginaaken inggih menika intrarater saha interrater. Asiling saking panaliten menika wujud konflik antawisipun padudon, dipuntundhung, tumindak kasar,ngelokaaken, ngapusi, rerasan, perdebatan saha gumedhe. Pawadan ingkang murugaken konflik antawisipun ngrigoni anggenipun nyambut damel, salah penampi, ajrih kalihan tiyang seda, tumindak kirang sopan, beda pamanggih saha ngelokaken tiyang sanes. salajengipun sikap paraga nalika manggihaken konflik antawisipun dipundukani, kesah saking dalem, mendel, dipunlebetaken dhateng dalem, dipuntilar kesah saha nyuwun pangapunten. Saking asiling panaliten kasebat kapanggihaken bilih konflik menika prekawis sosial ingkang kadadosan saking karya imajiner. Konflik dipuntuwuhaken ing wosipun karya sastra supados mdadosaken karya menika saged narik kawigatosan amargi konflik saged ngripta alur ing salebeting cariyos.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Konflik Sosial, Novel Clemang-Clemong
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 06 May 2015 02:56
Last Modified: 02 Oct 2020 08:19
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18209

Actions (login required)

View Item View Item