UNDHA-USUK BASA JAWI ABDI DALEM WONTEN ING TEPAS PARIWISATA KRATON NGAYOGYAKARTA HADININGRAT

Kufla, Ayu Christmas Menakotta (2014) UNDHA-USUK BASA JAWI ABDI DALEM WONTEN ING TEPAS PARIWISATA KRATON NGAYOGYAKARTA HADININGRAT. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Ayu C Menakotta Kufla 09205244047.pdf

Download (12MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken bab panganggenipun undha-usuk basa Jawi abdi dalem kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Bab menika ngrembag jinis saha perkawis ingkang ndayani pangaggenipun undha-usuk basa Jawi abdi dalem kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Panaliten menika awujud panaliten deskriptif. Caranipun ngempalaken data ing salebeting panaliten menika migunakaken teknik simak saha wawancara. Teknik simak dipunginakaken kangge mangertos jinising undha-usuk basa Jawi ingkang dipunginakaken dening abdi dalem kanthi cara nyemak nalika wicantenan. Teknik wawancara katindakaken kangge mangertos perkawis ingkang ndayani panganggenipun undha-usuk basa Jawi ingkang dipunginakaken dening abdi dalem. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu dening kertu data saha piranti kangge nyerat. Kertu data menika dipunginakaken kangge nyerat data ingkang sampun dipunpanggihaken ingkang salajengipun dipunlebetaken wonten ing tabel analisis. Validitas data wonten ing panaliten menika ngginakaken validitas triangulasi teori saha tetimbangan ahli, wondene reliabilitas data kanthi nindakaken pamaosan saha ngrembag data makaping-kaping. Asiling panaliten menika nedahaken bilih jinising undha-usuk basa Jawi ingkang dipunginakaken anggenipun wicantenan abdi dalem kraton Ngayogyakarta Hadiningrat wonten sekawan. Undha-usuk ingkang dipunginakaken inggih menika ngoko alus dipunginakaken dening tiyang ingkang langkung sepuh dhumateng tiyang ingkakng langkung nem. Krama lugu dipunginakaken dening tiyang ingkang langkung nem dhumateng tiyang ingkang langkung nem. Krama alus dipunginakaken dening tiyang ingkang kalenggahanipun andhap dhumateng tiyang ingkang kalenggahanipun langkung inggil. Basa bagongan dipunginakaken dening tiyang pasaderekanipun sampun rumaket, sanajan kalenggahanipun inggil utawi andhap saha yuswanipun nem utawi sepuh. Perkawis ingkang ndayani panganggenipun undha-usuk basa Jawi wonten ing panaliten inggih menika setting and scene inggih menika papan saha kawontenan nalika wicantenan menika wonten ing Tepas Ndawapura saha Tepas Widyabudaya saha ing kawontenan ingkang sante. Participant menika peserta tutur menika saged miturut yuswa saha kalenggahanipun amargi perkawis menika sipatipun melekat kaliyan subjek. Kalenggahan menika saged dipunbedakaken wonten ingkang peparingan saha keturunan, saengga mbedakaken panganggening undha-usuk basa Jawi abdi dalem kraton Ngayogyakarta Hadinigrat. Ends menika ancasing wicantenan wonten nyuwun pirsa saha ngaturi pirsa.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: undha-usuk, abdi dalem, kraton ngayogyakarta
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 06 May 2015 02:47
Last Modified: 24 Sep 2020 04:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18205

Actions (login required)

View Item View Item