KONFLIK PSIKIS PARAGA UTAMA WONTEN ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI

Kristanti, Aulia (2014) KONFLIK PSIKIS PARAGA UTAMA WONTEN ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Aulia Kristanti 10205241044.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge ngrembag babagan perwatakan saha konflik psikis wonten ing novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti. Panaliten menika ngandharaken perwatakan, konflik psikis, perkawis ingkang njalari konflik psikis, saha cara anggenipun ngadhepi konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga Lintang wonten ing novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif ingkang migunakaken pendekatan psikologi sastra. Data saking panaliten menika awujud tembung saha ukara wonten ing paragraf, sarta pawicantenan ingkang wonten gayutanipun kaliyan perwatakan saha konflik psikis. Sumber datanipun inggih menika novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti. Data dipunpanggihaken kanthi teknik maos saha nyerat. Caranipun nganalisis data migunakaken teknik deskriptif, cara menika dipunlampahi kanthi cara: (1) kategorisasi, (2) tabulasi, (3) menginterpretasikan data, saha (4) inferensi. Panaliten menika migunakaken validitas semantik, inggih menika nafsiraken data. Salajengipun migunakaken reliabilitas intrarer saha interrater. Perwatakan ingkang dipungadhahi dening paraga Lintang wonten ing novel Nalika Prau Gonjing anggitanipun Ardini Pangastuti inggih menika nyinyir, tlaten, pangerten, teteg, ndableg, mutungan, gampil duka, ngeyelan, mandiri, prigel, srakah, saha angkuh. Konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga Lintang inggih menika gemes, kagol manahipun, bingung, sedhih, duka, kaget, ngraos dipuncidrani, ajrih, sumelang, cubriya, kemutan marang Gino, saha sumedhot. Perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga Lintang wonten kathah, kadosta Gino boten kersa dhahar, manggihaken celdam wonten ing koperipun Gino, dipundangu rencana salajengipun, bingung sinten ingkang mbocoraken pandhelikanipun, arta kangge tumbas lemah kirang, modhal usaha kirang, boten mangertos sinten tiyang wonten ing wingkingipun tiyang ingkang ngancam, saha kemutan nalika manggihaken celdam. Cara kangge mungkasi konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga Lintang inggih menika migunakaken mekanisme pertahanan ego awujud sublimasi, regresi, agresi, proyeksi, represi, pengalihan, rasionalisasi, saha apatis.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: novel, nalika prau gonjing
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 06 May 2015 02:43
Last Modified: 29 Jan 2019 22:05
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18204

Actions (login required)

View Item View Item