Lestari, Alun (2015) PANDHAPUKING TEMBUNG ANDHAHAN WONTEN PANYANDRA MANTEN JAWI ING BUKU GATI WICARA ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Alun Lestari 10205244056.pdf Download (4MB) | Preview |
Abstract
Ancasing panaliten menika ngandharaken pandhapuking tembung andhahan saha ngandharaken makna tembung andhahan wonten panyandra manten Jawi ing buku Gati Wicara anggitanipun Suwardi Endraswara. Jinising panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Wujud data panaliten inggih menika tembung, mliginipun tembung andhahan dene sumbering data inggih menika buku Gati Wicara anggitanipun Suwardi Endraswara. Cara anggenipun ngempalaken data panaliten kanthi cara maos saha nyerat. Piranti ingkang dipunginakaken migunakaken tabel analisis data saha piranti pambiyantu kertu data. Anggenipun ngesahaken data migunakaken validitas saha reliabilitas. Validitas dipuntindakaken kanthi triangulasi teori saha validitas ahli. Dene reliabilitas ingkang dipunginakaken kanthi reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten inggih menika kapanggihaken wonten 65 pola pandhapuking tembung andhahan kadhapuk saking ater-ater, seselan, panambang saha wuwuhan sesarengan. Variasi-nipun menika antawisipun:{A- /BD}, {A-/U-}, {A-/Up-}, {a-/BD}, {a-/Up}, {ma-/BD}, {ma/Up-}, {sa-/BD}, {sa-/Up-}, {maA-/BD}, {ka-/BD}, {ka-/Up-}, {di-/BD}, {ke-/BD}, {paA-/BD}, {paA-/U-},{pi-/BD}, {pra-/BD}, {kami-/ BD}, {dak-/Up-}, {-um-/BD}, {BD/-um-/-Up},{BD/-in-}, {BD/U-/-in-}, {BD/-in-/Up-}, {BD/-er}, {BD/-el-}, c) {BD/-a}, {BD/-e},{BD/Up-/-e}, {BD/-ipun}, {BD/U-/-ipun}, {BD/-an}, {BD/U-/-an}, {BD/Up-/-an},{BD/-aken}, {BD/Up-/-ake}, {BD/-ing}, {BD/Up-/-ing}, {BD/U-/-ing},{BD/-ira}, {BD/-nira}, {BD/-nya}, {BD/-an/-ing}, {BD/-an/-ipun}, {BD/-an/-nira},{BD/A-/-i}, {BD/ka-/-na}, {BD/ka-/-ipun}, {BD/ka-/-ing}, {BD/ka-/aken}, {BD/paA-/-an}, {BD/pa-/-an}, {BD/pa-/-ane}, {BD/dipun-/-i}, {BD/ sa-/-e}, {BD/sa-/-ing}, {BD/sa-/Up-/-ipun}, {BD/ kami-/-en}, {BD/pan-/-e}, {BD/paA-/-ing}, {BD/paA-/-ipun}, {BD/ka-/-ana}, {BD/ka-/-a}, {BD/ka-/-e}, {BD/ka-/-nira}, {BD/ke-/-nya}, {BD/kuma-/-ing}, {BD/A-/-na}, {BD/A-/U-/-na}, {BD/ng-/-nira}, {BD/ng-/-ing}, {BD/Up-/ha-/-i}, {BD/-in-/-an}, {BD/-um-/-e}, {BD/-um-/-ing}, {BD/sa-/-an}, {BD/sa-/-ipun}, {BD/pi-/-ipun}, {BD/dak-/-i}, {BD/ dak-/-ake}, {BD/a-/Up-/-an}, {BD/pang-/-an/-ing} saha {BD/ka-/-an/-ipun}. Sedaya proses pandhapuking tembung andhahan menika dipunginakaken kangge ndapuk tembung susastra. Makna ingkang kapanggihaken menika variatif, cacahipun wonten 23 makna inggih menika nindakaken pakaryan, ngandharaken kawontenan, panggenan, sipat, kagungan, ngewrat, cacah/gunggung, sami kados wujud dhasar, kenging kados wujud dhasar, raos, tiyang, piranti, samukawis, kesalingan (resiprokal), pangajab, ngandharaken pengandaian, tartemtu, keanekaan, sesulih, wekdal, pakon, bab tartemtu, paring kados wujud dhasar, saha kausatif.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | panyandra manten, gati wicara |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 06 May 2015 02:07 |
Last Modified: | 24 Sep 2020 04:13 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18198 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |