MAKNA KONOTATIF WONTEN ING CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN 2013

Wismaningsih, Agustina Ayu (2014) MAKNA KONOTATIF WONTEN ING CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN 2013. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Agustina Ayu Wismaningsih 10205241078.pdf

Download (30MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken makna konotatif wonten ing cerkak Kalawarti Panjebar Semangat wedalan 2013. Perkawis ingkang karembag wonten ing salebeting panaliten inggih menika jinis, fungsi, wujud, saha teges makna konotatif. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif. Data wonten panaliten menika awujud tembung-tembung ingkang ngemu makna konotatif. Sumber datanipun dipunpendhet saking cerkak Kalawarti Panjebar Semangat wedalan 2013. Data panaliten kapanggihaken kanthi teknik maos kaliyan teknik nyerat. Pirantining panaliten iggih menika panaliti piyambak dipunbiyantu kertu data. Validitas ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika validitas semantis saha triangulasi teori, dene reliabilitas data ingkang dipunginakaken wonten panaliten inggih menika reliabilitas intrarater saha reliabilitas interrater. Asiling panaliten ingkang kapanggihaken inggih menika (1) jinis; (2) fungsi; (3) wujud; saha (4) teges makna konotatif. Jinisipun konotasi wonten enem jinis, inggih menika konotasi tinggi, konotasi ramah, konotasi tidak pantas, konotasi tidak enak, konotasi kasar, saha konotasi keras.Konotasi tinggi gadhah fungsi kangge mujudaken tuturan langkung endah saha langkung alus. Konotasi ramah gadhah fungsi kangge mujudaken tuturan langkung alus saha langkung akrab. Konotasi tidak pantas gadhah fungsi kangge nedahaken raos boten remen dhateng tiyang sanes. Konotasi tidak enak gadhah fungsi kangge nedahaken raos boten remen dhateng tiyang. Konotasi kasar gadhah fungsi kangge nedahaken raos murka dhateng tiyang sanes. Konotasi keras gadhah fungsi kangge nyangetaken tuturan. Wujud konotasi tinggi ingkang gadhah fungsi kangge mujudaken tuturan langkung endah kaperang dados purwakanthi sastra saha swara. Wujud konotasi tinggi kangge mujudaken tuturan langkung alus inggih menika tembung ingkang panganggenipun taksih winates. Wujud konotasi ramah kangge mujudaken tuturan langkung alus kaperang dados ragam alus/krama saha basa dhaerah. Wujud konotasi tidak pantas kangge nedahaken raos boten remen dhateng tiyang sanes inggih menika tembung ingkang ngemu raos boten trep/sae. Wujud konotasi tidak enak kangge nedahaken raos boten remen dhateng tiyang sanes inggih menika tembung ingkang ngemu raos kirang trep/sae. Wujud konotasi kasar kangge nedahaken raos murka dhateng tiyang sanes kaperang dados tembung ingkang basanipun kasar, ngemu raos nesu, ngemu sindiran. Wujud konotasi keras kangge nyangetaken tuturan kaperang dados hiperbola, tembung saroja, dwilingga salin swara, ujaran, saha tembung kiasan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: konotatif, cerkak, panjebar semangat
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 06 May 2015 01:49
Last Modified: 24 Sep 2020 04:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18196

Actions (login required)

View Item View Item