Septiyani, Viandika Indah (2014) REFERENSI SAHA FUNGSINIPUN PISUHAN BASA JAWI WONTEN ING SALEBETING KALAWARTI DJAKA LODHANG EDISI JANUARI DUMUGI DESEMBER 2013. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Viandika Indah Septiyani 09205241003.pdf Download (4MB) | Preview |
Abstract
Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken referensi saha fungsinipun pisuhan basa Jawi. Pisuhan basa Jawi ingkang dipunteliti menika wonten salebeting kalawarti Djaka Lodhang edisi Januari-Desember 2013. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud pisuhan wonten ing pawicantenan. Objek panalitenipun inggih menika pawicantenan ingkang wonten ing salebeting kalawarti Djaka Lodhang edisi Januari-Desember 2013. Cara ngempalaken data inggih menika kanthi metode maos saha cathet. Data dipunanalisis kanthi teknik deskriptif inggih menika panaliti ngandharaken referensi saha fungsinipun pisuhan. Kangge ngesahaken data dipunginakaken validitas saha reliabilitas. Asiling panaliten menika ngandharaken referensi saha fungsinipun pisuhan wonten salebeting kalawarti Djaka Lodhang edisi Januari dumugi Desember 2013. Referensi pisuhan saged dipuntemtokaken saking satuan lingualipun. Referensinipun inggih menika saking kewan, pandamelan, piranti, regetaning manungsa saha kewan, kawontenan, memedi, papan asal, tindakan tertemtu. Fungsinipun pisuhan saged dipunmangertosi saking konteks pawicantenanipun, fungsinipun pisuhan inggih menika kangge ngudhar raos duka, ngudhar raos anyel, ngudhar raos kuciwa, kangge ngudhar raos gumun, kangge ngudhar raos getun, ngudhar raos nyamah, ngudhar raos reraketan, ngudhar raos bungah, ngudhar raos kaget saha ingkang pungkasan kangge nyindhir.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | referensi, pisuhan, djaka lodang |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 05 May 2015 03:33 |
Last Modified: | 24 Sep 2020 04:13 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18146 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |