HUMOR WONTEN ING DHAGELAN MATARAM BASIYO CS

Sudarminto, Sinta Yuni (2014) HUMOR WONTEN ING DHAGELAN MATARAM BASIYO CS. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Sinta Yuni S 10205241040.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken humor wonten ing Dhagelan Matram Basiyo cs. Humor kaandharaken ngengingi bab wujud, topik, saha fungsinipun. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud tembung, frasa, klausa, saha ukara. Sumber data panaliten menika 7 file mp3 Dhagelan Mataram Basiyo cs kanthi irah-irahan Besanan, Gatutkaca Gandrung, Maling Kontrang Kantring, Mbecak, Mblantik, Ngedan, saha Pangkur Jenggleng. Caranipun ngempalaken data nggih menika ngginakaken teknik sadap saha nyathet. Data dipunanalisis ngginakaken analisis deskriptif kanthi ngandharaken wujud, topik, saha fungsi humor. Anggenipun mangggihaken validitas data inggih menika ngginakaken validitas semantis saha triangulasi teori wondene anggenipun manggihaken reliabilitas ngginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten ngandharaken wujud, topik, saha fungsi humor wonten ing Dhagelan Mataram Basiyo cs. Wujud humor ingkang kapanggihaken inggih menika humor setunggal ukara, kalih ukara, dialog, cariyos, definisi, permainan kata (pun), tolak bala, interupsi, saha pematah. Humor setunggal ukara topikipun hiburan kanthi fungsi minangka media hiburan. Humor kalih ukara topikipun hiburan saha kritik. Humor kalih ukara topik hiburan fungsinipun media hiburan saha sarana ngandharaken gagasan. Humor kalih ukara topik kritik fungsinipun sarana kritik. Humor dialog topikipun hiburan, kritik, pergaulan, saha etnis. Humor dialog topik hiburan fungsinipun media hiburan saha sarana ngandharaken gagasan. Humor dialog topik kritik fungsinipun sarana kritik. Humor dialog topik pergaulan fungsinipun media hiburan saha media informasi. Humor dialog topik etnis fungsinipun media hiburan. Humor cariyos topikipun hiburan, pergaulan, kritik, saha agama. Humor cariyos topik hiburan fungsinipun media hiburan. Humor cariyos topik pergaulan fungsinipun media informasi. Humor cariyos topik kritik fungsinipun sarana kritik, media informasi saha media hiburan. Humor cariyos topik agama fungsinipun media hiburan. Humor definisi topikipun hiburan kanthi fungsi minangka media hiburan. Humor permainan kata (pun) topikipun hiburan kanthi fungsi media hiburan. Humor tolak bala topikipun hiburan kanthi fungsi sarana ngandharaken gagasan saha media hiburan. Humor interupsi topikipun hiburan saha pergaulan. Humor interupsi topik hiburan fungsinipun media hiburan. Humor interupsi topik pergaulan fungsinipun media hiburan. Humor pematah gadhah topik hiburan saha kritik. Humor pematah topik hiburan fungsinipun media hiburan. Humor pematah topik kritik fungsinipun sarana kritik.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: humor, basiyo
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 05 May 2015 03:29
Last Modified: 24 Sep 2020 04:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18144

Actions (login required)

View Item View Item