TRADHISI ZIARAH ING PETILASAN-PETILASAN WONTEN ING GUNUNG SRANDIL DESA GLEMPANG PASIR KECAMATAN ADIPALA KABUPATEN CILACAP

Wicaksana, Andhika (2014) TRADHISI ZIARAH ING PETILASAN-PETILASAN WONTEN ING GUNUNG SRANDIL DESA GLEMPANG PASIR KECAMATAN ADIPALA KABUPATEN CILACAP. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Andhika Wicaksana 09205244046.pdf

Download (4MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken asal-usulipun tradhisi ziarah, prosesi ziarah, makna simbolik sesajen ingkang dipun ginakaken wonten ing tradhisi ziarah, saha paedahipun ziarah tumrap warga panyengkuyung. Panaliten menika ngginakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data wonten ing panaliten menika ngangge cara observasi berpartisipasi saha wawancara mendalam. Pirantining panaliten wonten ing panaliten menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu dening tape recorder, camera digital saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ngginakaken teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data lumantar triangulasi metode saha triangulasi sumber. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) Asal-usul Tradhisi Ziarah inggih menika dipun adani saking jaman Majapahit bilih sesampunipun kangge tapa dening Prabu Brawijaya Pamungkas kaliyan Mahapatih Gajah Mada saha para pujangganipun, lajeng ingkang versi satunggalipun inggih menika nyebataken bilih Gunung Srandil dipunangge nyebaraken agami Islam wonten ing pesisir pantai selatan ingkang dipun wiwiti dening Mbah Gusti Agung Sultan Ahmad Murahidin ingkang salajengipun dipun ginakaken dening masarakat panyengkuyung kangge ritual nyaketaken kaliyan Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Bentenipun versi mboten ndadosaken perkawis dening masarakat panyengkuyung, sedayanipun sami ngurmati menapa ingkang sampun ngrembaka. (2) Prosesi tradisi ziarah (a) sowan ing petilasan-petilasan wonten ing gunung srandil. (b) ngubengi gunung srandil. (c) panutup. (3) Makna simbolik sesajen menika kangge mahyakaken raos sukur kita dhateng ngarsaning Gusti supados peziarah tansah pinaringan kawilujengan, katentreman, kabagaswarasan sarta pinaringan gampil anggenipun ngupadi rejeki ing sajroning lampah pagesanganipun. (4) Paedahipun tradhisi Ziarah tumraping masarakat panyengkuyung inggih menika (a) paedah spiritual, (b) paedah sosial, (c) paedah pelestari tradhisi, saha (d) paedah ekonomi.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: tradhisi ziarah, petilasan, gunung srandil
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 05 May 2015 02:58
Last Modified: 29 Jan 2019 22:02
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18129

Actions (login required)

View Item View Item