PROSES LINGUISTIK SAHA MAKNA NAMA TATA UPACARA SAHA TATA CARA UPACARA PENGANTEN GAGRAG NGAYOGYAKARTA WONTEN ING BUKU ”TATA CARA PAES LAN PRANATACARA GAGRAG NGAYOGYAKARTA” ANGGITANIPUN DWI SUNAR PRASETYONO

Hartanti, Anastasia Septianggi Sri (2014) PROSES LINGUISTIK SAHA MAKNA NAMA TATA UPACARA SAHA TATA CARA UPACARA PENGANTEN GAGRAG NGAYOGYAKARTA WONTEN ING BUKU ”TATA CARA PAES LAN PRANATACARA GAGRAG NGAYOGYAKARTA” ANGGITANIPUN DWI SUNAR PRASETYONO. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Anastasia Septianggi SH 10205241050.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas ngandharaken proses linguistik pandhapuking nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta, tegesing nama, saha makna saking nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta. Panaliten menika ngrembag wujud satuan lingual, proses linguistik pandhapuking nama tata upacara saha tata cara, makna leksikal, saha panganggening wonten ing upacara penganten gagrag Ngayogyakarta. Panaliten menika ngginakaken jinising panaliten kualitatif ingkang sipatipun deskriptif. Sumbering data pikantuk saking buku Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono. Ing panaliten menika data awujud tetembungan ingkang ngandharaken nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta. Caranipun ngempalaken data kanthi cara maos saha panaliti suka tandha. Caranipun analisis data ngginakaken analisis deskriptif. Cara ngesahaken data ngginakaken validitas semantik saha reliabilitas dipuntindakaken kanthi maos makaping-kaping babagan upacara penganten gagrag Ngayogyakarta. Asiling panaliten gayut kaliyan wujud satuan lingual saking nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Yogyakarta ingkang kaperang dados tiga inggih menika (1) tembung monomorfemis, (2) tembung polimorfemis, saha (3) frasa. Nama tata upacara menika wonten ingkang awujud tembung monomorfemis inggih menika tarub, ijab, saha panggih. Nama tata upacara ingkang awujud tembung andhahan mawa ater-ater inggih menika nyantri saha ngerik. Nama tata upacara ingkang awujud tembung andhahan mawa panambang inggih menika siraman. Nama tata upacara ingkang kalebet tembung andhahan mawa wuwuhan sesarengan raket inggih menika midadareni. Saben nama tata upacara menika ngginakaken tata cara ingkang beda-beda. Saben nama tata upacara saha tata cara ugi ngawrat makna leksikal saha makna ingkang jumbuh kaliyan panganggening wonten ing upacara penganten gagrag Ngayogyakarta.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: proses linguistik saha makna, nama tata upacara, nama tata cara, upacara penganten gagrag Ngayogyakarta
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 05 May 2015 02:54
Last Modified: 29 Jan 2019 22:02
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18128

Actions (login required)

View Item View Item