KRITIK SASTRA FEMINIS IDIOLOGIS WONTEN ING NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTA BRATA

Lestari, Wiji Budi (2014) KRITIK SASTRA FEMINIS IDIOLOGIS WONTEN ING NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTA BRATA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Wiji Budi Lestari 10205244021.pdf

Download (5MB) | Preview

Abstract

Panaliten kanthi irah-irahan Kritik Sastra Feminis Ideologis Wonten Ing Novel Jemini Anggitanipun Suparta Brata, gadhah ancas kangge ngandharaken citra wanita paraga Jemini kaliyan stereotipe wanita. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif kanthi migunakaken pendekatan kritik sastra feminis. Data ing panaliten menika data lunak ingkang awujud tembung, frasa, ukara, saha paragraph wonten ing novel Jemini anggitanipun Suparta Brata. Caranipun ngempalaken data kanthi cara teknik maos, saha nyerat. Pirantining panaliten migunakaken kertu data. Data dipunanalisis mawi cara deskriptif kanthi ngandharaken citra wanita paraga Jemini kaliyan stereotipe wanita wonten ing novel Jemini anggitanipun Suparta Brata. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantik. Wondene reliabilitas wonten panaliten menika migunakaken reliabilitas intrarater, saha interrater. Citra wanita paraga Jemini wonten ing novel menika saged dipuntingali saking titikan fisik, psikis, saha sosial. Citra fisik ingkang kapanggihaken inggih menika luwes, dewasa&subur, njagi penampilan, saha aktif&langkung cepet anggenipun nalar. Citra psikis menika kaperang dados tiga menawi dipuntingali saking id, ego, saha super ego. Id mujudaken watak jujur, meri, antebing tekad, berprasangka buruk, tegas, gadhah prinsip, rajin, tabah, saha kemayu. Bilih menawi dipuntingali saking perangan ego mujudaken watak antebing tekad, jujur, gadhah prinsip, acuh tak acuh, rajin, tabah, berprasangka buruk, saha tegas. Ingkang pungkasan saking perangan super ego mujudaken watak acuh tak acuh, jujur, antebing tekad, gadhah prinsip, boten tega, rajin, tabah, berprasangka buruk, saha nengenaken kabetahan tiyang sanes. Citra sosial menika kaperang dados peranipun wonten kulawarga kaliyan masarakat. Peranipun wonten ing kulawarga kapanggihaken bilih Jemini menika dados putri, mbakyu, mboklik, ibu, saha garwa. Wondene peranipun wonten ing masarakat dados bocah tangsi, warga tangsi, saha munci. Stereotipe wanita ingkang kapanggihaken inggih menika lemah (boten gadhah daya), irasional (boten nalar), emosional, sahah boten percaya dhiri.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: kritik sastra feminis, citra wanita, stereotipe wanita, novel Jemini
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 05 May 2015 02:34
Last Modified: 29 Jan 2019 22:02
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18118

Actions (login required)

View Item View Item