ISOGLOS LEKSIKAL TEMBUNG SESULIH WONTEN ING KECAMATAN BANJARNEGARA (Minangka Studi Geografi Dialek)

Nurochman, Romadhona Wahyu (2014) ISOGLOS LEKSIKAL TEMBUNG SESULIH WONTEN ING KECAMATAN BANJARNEGARA (Minangka Studi Geografi Dialek). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Romadhona Wahyu N 10205244034.pdf

Download (9MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge manggihaken variasi tembung sesulih saha papan panganggening tembung sesulih ingkang dipunginakaken masarakat wonten ing Kecamatan Banjarnegara samangke dipunwujudaken mawi peta geografis ingkang ngandharaken variasi tembung sesulih ingkang dipunginakaken masarakat wonten ing Kecamatan Banjarnegara. Metode panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika deskriptif. Sumber data wonten ing panaliten menika 13 informan ingkang kapendhet saking 4 desa saha 9 kelurahan wonten ing Kecamatan Banjarnegara. Caranipun ngempalaken data menika ngginakaken angket saha observasi. Caranipun nganalisis data menika ngginakaken deskriptif kualitatif. Caranipun ngesahaken data menika ingkang sepisan validitas (triangulasi sumber) saha reliabilitas (expert judgment). Asiling panaliten inggih menika panganggening tembung sesulih ingkang beda menika gayut kalihan tembung sesulih purusa, pandarbe, panuduh saha pandangon. Utama purusa tunggal mawi glos „aku‟ kapanggihaken variasi nyong saha inyong. Utama purusa jamak mawi glos „kita‟ kapanggihaken variasi nyong ko padha, nyong ko sekabehane, nyong ko bangsane, dhewek, lajeng mawi glos „kami‟ kapanggihaen variasi nyong padha, nyong bangsane saha nyong kabeh. Madyama purusa tunggal mawi glos „kamu‟ kapanggihaken variasi ko saha rika. Madyama purusa jamak mawi glos „kalian‟ kapanggihaken variasi ko padha, ko bangsane, ko kabeh, rika padha, rika bangsane, rika kabeh. Pratama purusa tunggal mawi glos „dia‟ kapanggihaken variasi dheweke saha kae wong. Tembung sesulih pandarbe proklitik mawi glos basa Jawi dak kapanggihaken tembung tek saha tok. Tembung sesulih panuduh limrah mawi glos „ini‟ kapanggihaken variasi iki saha kiye, lajeng mawi glos „itu‟ caket kapanggihaken variasi kuwe saha kuwi menawi glos „itu‟ tebih kapanggihaken variasi kae saha ke. Panuduh papan mawi glos „ke sini‟ kapanggihaken variasi mrene, kene, ngeneh, maring kene, ming kene, lajeng mawi glos „ke situ‟ kapanggihaken variasi mrono, kono, ngonoh, maring kono, ming kono, menawi glos „ke sana‟ kapanggihaken variasi mrana, kana, nganah, maring kana, ming kana. Panuduh salah satunggaling bab mawi glos „seperti ini‟ kapanggihaken variasi kaya mangkene saha kaya kiye, lajeng mawi glos „seperti itu‟ kapanggihaken variasi kaya mangkono saha kaya kuwe. Tembung sesulih pandangon mawi glos „kenapa‟ kapanggihaken variasi ngapa, deneng, dengka, lajeng mawi glos „bagaimana‟ kapanggihaken variasi anu kepriwe, priben ya, priwe si, prige.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: isoglos leksikal, studi geografi dialek
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 05 May 2015 02:29
Last Modified: 24 Sep 2020 04:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18116

Actions (login required)

View Item View Item