MEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG

Rochim, Nur (2014) MEDIA ADOBE FLASH CS 4 KANGGE NAMBAH KAWEGIGAN NYEKAR MACAPAT MEGATRUH SISWA KELAS VII-C SMP N 3 MAGELANG. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Nur Rochim 10205244037.pdf

Download (8MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika kawiwitan saking kasunyatan bilih pamulangan nyekar macapat kirang sae awit guru nalika nindakaken pamulangan boten ngginakaken media, ananging lisan kemawon. Panaliten menika darbe ancas nambah kawegigan nyekar macapat Megatruh ngginakaken media Adobe Flash CS 4. Panaliten menika kalebet panaliten tindakan kelas. Subjek panaliten menika siswa kelas VII-C SMP N 3 Magelang. Wondene objekipun kawegigan nyekar macapat Megatruh saking siswa kelas VII-C SMP N 3 Magelang. Panaliten menika katindakaken tigang siklus, wondene rancangan panaliten tindakan saben siklusipun dumadi saking perencanaan, pelaksanaan tindakan, pengamatan saha refleksi. Data kapanggihaken kanthi cara observasi, wawancara, catatan lapangan, saha tes nyekaraken sekar Macapat Megatruh saha isining sekar macapat Megatruh. Data dipungarap kanthi cara analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakaken validitas demokratik saha validitas hasil, lajeng realibilitas inggih dipunginakaken triangulasi metode. Asiling panaliten nedahaken bilih (1) saderengipun ngginakaken media Adobe Flash CS 4, biji rata-rata kawegigan nyekar macapat Megatruh siswa kelas VII-C SMP N 3 Magelang (pra tindakan) 59, 78. Wondene sasampunipun ngginakaken media Adobe Flash CS 4, biji rata-rata siklus I panaliten ingkang dipungayuh siswa kelas VII-C SMP N 3 Magelang 71,31. Salajengipun biji ratarata kawegigan nyekar macapat Megatruh menika mindhak dados 81, 63 wonten siklus II. Siklus III ugi makaten, bilih biji rata-rata ingkang saged kagayuh mindhak dados 86,64. Wondene persentase mindhakipun biji rata-rata menika saking pra panaliten dhateng Siklus I inggih menika 19,29%, saking Siklus I dhateng Siklus II persentase mindhakipun 14, 47%, saha saking Siklus II dhateng Siklus III persentase mindhakipun biji rata-rata menika 6,52%. (2) miturut pengamatan nalika panaliten lumampah, kapanggihaken keberhasilan proses. Asiling keberhasilan proses saged kapriksani saking sikap siswa nalika pamulangan nyekar macapat lumampah. Siklus I kathah siswa ingkang boten nggatosaken guru, taksih gojeg saha lingsem anggenipun nyekar macapat. Siklus II siswa sampun gampil dipunatur, aktif taken dhateng guru saha boten lingsem nyekar macapat. Siklus III siswa langkung gampil dipunatur, purun nggatosaken guru, aktif taken saha sampun boten lingsem anggenipun nyekar macapat Megatruh.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: media adobe flash CS4, macapat megatruh
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 05 May 2015 02:19
Last Modified: 24 Sep 2020 04:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18114

Actions (login required)

View Item View Item